Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #127 Translated in Jawa

لَيْسَ بِأَمَانِيِّكُمْ وَلَا أَمَانِيِّ أَهْلِ الْكِتَابِ ۗ مَنْ يَعْمَلْ سُوءًا يُجْزَ بِهِ وَلَا يَجِدْ لَهُ مِنْ دُونِ اللَّهِ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا
Ora bakal cocog karo pépé- nginanira kang muspra, lan iya ora cocog karo pépénginané pandhèrèké Kitab kang muspra; sapa sing anglakoni ala, bakal winales kalawan ala, lan saliyané Allah dhèwèké ora bakal éntuk pangayoman lan ora panulung
وَمَنْ يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَأُولَٰئِكَ يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُونَ نَقِيرًا
Lan sapa sing anglakoni panggawé-panggawé becik, apa wong lanang apa wong wadon, lan dhèwèké iku wong angèstu, _ lah iki bakal padha lumebu ing taman, lan ora pisan-pisan bakal kataman ing tindak dudu
وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا مِمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۗ وَاتَّخَذَ اللَّهُ إِبْرَاهِيمَ خَلِيلًا
Lan sapa ta kang luwih becik agamané tinimbang wong kang sumarah babar pisan adhepé marang Allah? lan dhèwèké iku wong kang agawé becik sarta miturut agamané Ibrahim, wong tulus, lan Allah iku amundhut Ibrahim minangka mitra
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُحِيطًا
Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah; lan Allah iku anglimputi samubarang
وَيَسْتَفْتُونَكَ فِي النِّسَاءِ ۖ قُلِ اللَّهُ يُفْتِيكُمْ فِيهِنَّ وَمَا يُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ فِي الْكِتَابِ فِي يَتَامَى النِّسَاءِ اللَّاتِي لَا تُؤْتُونَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ وَتَرْغَبُونَ أَنْ تَنْكِحُوهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الْوِلْدَانِ وَأَنْ تَقُومُوا لِلْيَتَامَىٰ بِالْقِسْطِ ۚ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِهِ عَلِيمًا
Dhèwèké padha nyuwun putusan tumrap para wadon. Cala- thua: Allah aparing weruh marang sira putusan tumrap dhèwèké lan apa kang wus diwacakaké marang sira ing sajroning Kitab ing bab anak-anak yatimé para wadon, kang padha ora sira wènèhi apa kang wus katetepaké dadi bagéané, ing mangka sira emoh anikaha dhèwèké, sarta ing bab para kang apes, yaiku para anak-anak, lan atindaka kalawan adil marang bocah-bocah yatim; lan kabecikan apa kang padha sira lakoni, lah sayekti, iku Allah anguningani

Choose other languages: