Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #129 Translated in Jawa

وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا مِمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۗ وَاتَّخَذَ اللَّهُ إِبْرَاهِيمَ خَلِيلًا
Lan sapa ta kang luwih becik agamané tinimbang wong kang sumarah babar pisan adhepé marang Allah? lan dhèwèké iku wong kang agawé becik sarta miturut agamané Ibrahim, wong tulus, lan Allah iku amundhut Ibrahim minangka mitra
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُحِيطًا
Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah; lan Allah iku anglimputi samubarang
وَيَسْتَفْتُونَكَ فِي النِّسَاءِ ۖ قُلِ اللَّهُ يُفْتِيكُمْ فِيهِنَّ وَمَا يُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ فِي الْكِتَابِ فِي يَتَامَى النِّسَاءِ اللَّاتِي لَا تُؤْتُونَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ وَتَرْغَبُونَ أَنْ تَنْكِحُوهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الْوِلْدَانِ وَأَنْ تَقُومُوا لِلْيَتَامَىٰ بِالْقِسْطِ ۚ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِهِ عَلِيمًا
Dhèwèké padha nyuwun putusan tumrap para wadon. Cala- thua: Allah aparing weruh marang sira putusan tumrap dhèwèké lan apa kang wus diwacakaké marang sira ing sajroning Kitab ing bab anak-anak yatimé para wadon, kang padha ora sira wènèhi apa kang wus katetepaké dadi bagéané, ing mangka sira emoh anikaha dhèwèké, sarta ing bab para kang apes, yaiku para anak-anak, lan atindaka kalawan adil marang bocah-bocah yatim; lan kabecikan apa kang padha sira lakoni, lah sayekti, iku Allah anguningani
وَإِنِ امْرَأَةٌ خَافَتْ مِنْ بَعْلِهَا نُشُوزًا أَوْ إِعْرَاضًا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا أَنْ يُصْلِحَا بَيْنَهُمَا صُلْحًا ۚ وَالصُّلْحُ خَيْرٌ ۗ وَأُحْضِرَتِ الْأَنْفُسُ الشُّحَّ ۚ وَإِنْ تُحْسِنُوا وَتَتَّقُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا
Lan manawa wong wadon kuwatir tindak siyané utawa paninggaling lakiné, lah ora ala ingatasé sakaloroné, manawa padha angadegaké pirukun antara- né sakaloroné,a lan pirukun iku luwih becik; lan budi iku dianani kumed; lan manawa sira padha agawé becik lan padha bekti, lah sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni
وَلَنْ تَسْتَطِيعُوا أَنْ تَعْدِلُوا بَيْنَ النِّسَاءِ وَلَوْ حَرَصْتُمْ ۖ فَلَا تَمِيلُوا كُلَّ الْمَيْلِ فَتَذَرُوهَا كَالْمُعَلَّقَةِ ۚ وَإِنْ تُصْلِحُوا وَتَتَّقُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan sira padha ora duwé kawasa anggonira arep tumindak adil antarané para rabi,b sanajan banget kapénginira, nanging sira aja padha dhoyong kalawan dho- yong babar pisan , nganti dhèwèké sira etogaké baé keplanggrang; lan manawa sira padha angedegaké pirukun sarta padha bekti, sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: