Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #71 Translated in Jawa

وَمِنْ ثَمَرَاتِ النَّخِيلِ وَالْأَعْنَابِ تَتَّخِذُونَ مِنْهُ سَكَرًا وَرِزْقًا حَسَنًا ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan saka wohing kurma lan anggur – saka ing kono sira bisa olèh sajeng sarta rijeki kang becik; sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha ngangen-angen
وَأَوْحَىٰ رَبُّكَ إِلَى النَّحْلِ أَنِ اتَّخِذِي مِنَ الْجِبَالِ بُيُوتًا وَمِنَ الشَّجَرِ وَمِمَّا يَعْرِشُونَ
Sarta Pangéranira aparing wewedhar marang tawon, sabda- Né: Sira gawéa omah ing gunung- gunung lan ing wit-witan apa déné ing yayasané
ثُمَّ كُلِي مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ فَاسْلُكِي سُبُلَ رَبِّكِ ذُلُلًا ۚ يَخْرُجُ مِنْ بُطُونِهَا شَرَابٌ مُخْتَلِفٌ أَلْوَانُهُ فِيهِ شِفَاءٌ لِلنَّاسِ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Tumuli mamangana sira saka sarupaning wowohan, banjur lu- makua ing dadalané Pangéranira kalawan andhap asor. Saka ing wetengé metu ombèn-ombèné rupa- rupa warnané, ing kono ana tam- bané tumrap para manusa. Sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang para mikir
وَاللَّهُ خَلَقَكُمْ ثُمَّ يَتَوَفَّاكُمْ ۚ وَمِنْكُمْ مَنْ يُرَدُّ إِلَىٰ أَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْ لَا يَعْلَمَ بَعْدَ عِلْمٍ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ قَدِيرٌ
Lan Allah iku wus anitahaké sira, tumuli Panjenengané agawé patinira, lan sawenèhira ana kang dibalèkaké marang asor-asoré pérangané umur, nganti ora weruh apa-apa sing mauné wis weruh; sayekti Allah iku Angudanèni, Kawasa
وَاللَّهُ فَضَّلَ بَعْضَكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ فِي الرِّزْقِ ۚ فَمَا الَّذِينَ فُضِّلُوا بِرَادِّي رِزْقِهِمْ عَلَىٰ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُمْ فَهُمْ فِيهِ سَوَاءٌ ۚ أَفَبِنِعْمَةِ اللَّهِ يَجْحَدُونَ
Lan Allah iku angluwihaké sawenèhira angungkuli sawenéhé ing dalem prakara rijeki; ananging para kang padha diluwihaké, ora amèwèhaké rijekiné ma- rang apa kang kadarbé ing tangané tengen, kang supaya dhèwèké ka- bèh ing dalem prakara iku dadi padha; lah apa ta nugrahaning Allah dhèwèké padha angemohi

Choose other languages: