Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #70 Translated in Jawa

وَإِنَّ لَكُمْ فِي الْأَنْعَامِ لَعِبْرَةً ۖ نُسْقِيكُمْ مِمَّا فِي بُطُونِهِ مِنْ بَيْنِ فَرْثٍ وَدَمٍ لَبَنًا خَالِصًا سَائِغًا لِلشَّارِبِينَ
Lan sayekti, ing dalem raja- kaya, temen ana wuwulang tumrap ing sira; Ingsun aparing ngombé ing sira saka barang kang ana ing sajroning wetengé – saka ing anta- rané taléthong lan getih – puwan kang resik, gumalenggeng tumrap para wong kang ngombé
وَمِنْ ثَمَرَاتِ النَّخِيلِ وَالْأَعْنَابِ تَتَّخِذُونَ مِنْهُ سَكَرًا وَرِزْقًا حَسَنًا ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan saka wohing kurma lan anggur – saka ing kono sira bisa olèh sajeng sarta rijeki kang becik; sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang padha ngangen-angen
وَأَوْحَىٰ رَبُّكَ إِلَى النَّحْلِ أَنِ اتَّخِذِي مِنَ الْجِبَالِ بُيُوتًا وَمِنَ الشَّجَرِ وَمِمَّا يَعْرِشُونَ
Sarta Pangéranira aparing wewedhar marang tawon, sabda- Né: Sira gawéa omah ing gunung- gunung lan ing wit-witan apa déné ing yayasané
ثُمَّ كُلِي مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ فَاسْلُكِي سُبُلَ رَبِّكِ ذُلُلًا ۚ يَخْرُجُ مِنْ بُطُونِهَا شَرَابٌ مُخْتَلِفٌ أَلْوَانُهُ فِيهِ شِفَاءٌ لِلنَّاسِ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Tumuli mamangana sira saka sarupaning wowohan, banjur lu- makua ing dadalané Pangéranira kalawan andhap asor. Saka ing wetengé metu ombèn-ombèné rupa- rupa warnané, ing kono ana tam- bané tumrap para manusa. Sayekti ing kono iku temen ana tandha tumrap wong-wong kang para mikir
وَاللَّهُ خَلَقَكُمْ ثُمَّ يَتَوَفَّاكُمْ ۚ وَمِنْكُمْ مَنْ يُرَدُّ إِلَىٰ أَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْ لَا يَعْلَمَ بَعْدَ عِلْمٍ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ قَدِيرٌ
Lan Allah iku wus anitahaké sira, tumuli Panjenengané agawé patinira, lan sawenèhira ana kang dibalèkaké marang asor-asoré pérangané umur, nganti ora weruh apa-apa sing mauné wis weruh; sayekti Allah iku Angudanèni, Kawasa

Choose other languages: