Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #27 Translated in Jawa

لَا جَرَمَ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعْلِنُونَ ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْتَكْبِرِينَ
Ora kena ora, sayekti Allah iku angudanèni apa kang padha siningidaké sarta apa kang dieblak; sayekti Panjenengané ora remen marang para gumedhé
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ مَاذَا أَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۙ قَالُوا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Lan nalikané padha dicala- thoni: Wus anurunaké apa Pangé- ranira? Padha calathu: dongèngé para wong kuna
لِيَحْمِلُوا أَوْزَارَهُمْ كَامِلَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۙ وَمِنْ أَوْزَارِ الَّذِينَ يُضِلُّونَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ أَلَا سَاءَ مَا يَزِرُونَ
Supaya ing dina kiyamat padha nyangga sasanggané kabèh; mangkono manèh sabagéaning sasanggané para kang padha kasa- saraké kalawan tanpa kawruh; o, sayekti ala apa sasanggané
قَدْ مَكَرَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَأَتَى اللَّهُ بُنْيَانَهُمْ مِنَ الْقَوَاعِدِ فَخَرَّ عَلَيْهِمُ السَّقْفُ مِنْ فَوْقِهِمْ وَأَتَاهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُونَ
Para ing sadurungé dhèwèké temen wus padha angragum paé- kan, ananging Allah angrubuhaké yayasané saka ing tatalesé; tumuli payoné, saka ing sadhuwuré, ani- bani dhèwèké, sarta siksané tume- ka marang dhèwèké saka pang- gonan kang ora dikira-kirakaké
ثُمَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ يُخْزِيهِمْ وَيَقُولُ أَيْنَ شُرَكَائِيَ الَّذِينَ كُنْتُمْ تُشَاقُّونَ فِيهِمْ ۚ قَالَ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ إِنَّ الْخِزْيَ الْيَوْمَ وَالسُّوءَ عَلَى الْكَافِرِينَ
Tumuli ing dina kiyamat Pan- jenengané angasoraké dhèwèké sarta angandika: Endi sekuthon Ingsun, kang padha dadi karanané sira padha mungsuhi? Para kang padha sinungan kawruh acalathu: Sayekti, ing dina iki asor lan ala tumiba marang para kafir

Choose other languages: