Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #22 Translated in Jawa

وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan manawa sira amilanga nugrahaning Allah, iku ora bakal sira bisa nacahaké; sayekti Allah iku temen Aparamarta, Mahaasih
وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُسِرُّونَ وَمَا تُعْلِنُونَ
Lan Allah iku angudanèni apa kang padha sira singidaké lan apa kang padha sira blakaké
وَالَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ لَا يَخْلُقُونَ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ
Lan apa kang padha diuwuh, saliyané Allah, iku ora nitahaké apa-apa, malah padha dititahaké
أَمْوَاتٌ غَيْرُ أَحْيَاءٍ ۖ وَمَا يَشْعُرُونَ أَيَّانَ يُبْعَثُونَ
mati, ora urip, sarta padha ora weruh kapan ang- goné bakal padha tinangèkaké
إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۚ فَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ قُلُوبُهُمْ مُنْكِرَةٌ وَهُمْ مُسْتَكْبِرُونَ
Pangéranira iku Pangéran Kang Mahatunggal; lah para kang padha ora angèstu ing akhirat, iku atiné padha katambuhan sarta padha gumedhé

Choose other languages: