Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #25 Translated in Jawa

أَمْوَاتٌ غَيْرُ أَحْيَاءٍ ۖ وَمَا يَشْعُرُونَ أَيَّانَ يُبْعَثُونَ
mati, ora urip, sarta padha ora weruh kapan ang- goné bakal padha tinangèkaké
إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۚ فَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ قُلُوبُهُمْ مُنْكِرَةٌ وَهُمْ مُسْتَكْبِرُونَ
Pangéranira iku Pangéran Kang Mahatunggal; lah para kang padha ora angèstu ing akhirat, iku atiné padha katambuhan sarta padha gumedhé
لَا جَرَمَ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعْلِنُونَ ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْتَكْبِرِينَ
Ora kena ora, sayekti Allah iku angudanèni apa kang padha siningidaké sarta apa kang dieblak; sayekti Panjenengané ora remen marang para gumedhé
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ مَاذَا أَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۙ قَالُوا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Lan nalikané padha dicala- thoni: Wus anurunaké apa Pangé- ranira? Padha calathu: dongèngé para wong kuna
لِيَحْمِلُوا أَوْزَارَهُمْ كَامِلَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۙ وَمِنْ أَوْزَارِ الَّذِينَ يُضِلُّونَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ أَلَا سَاءَ مَا يَزِرُونَ
Supaya ing dina kiyamat padha nyangga sasanggané kabèh; mangkono manèh sabagéaning sasanggané para kang padha kasa- saraké kalawan tanpa kawruh; o, sayekti ala apa sasanggané

Choose other languages: