Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumtahana Ayahs #13 Translated in Jawa

وَإِنْ فَاتَكُمْ شَيْءٌ مِنْ أَزْوَاجِكُمْ إِلَى الْكُفَّارِ فَعَاقَبْتُمْ فَآتُوا الَّذِينَ ذَهَبَتْ أَزْوَاجُهُمْ مِثْلَ مَا أَنْفَقُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي أَنْتُمْ بِهِ مُؤْمِنُونَ
Menawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadikafir kang mangka sira banjur menang perang ngelawan wong kafir mau iku kang rabine lunga dadi kafir mau sira paringana panduman jarahan sapira akehe maskawin kang wis dibayar, sira padha bektia ing Allah kang sira percaya
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ إِذَا جَاءَكَ الْمُؤْمِنَاتُ يُبَايِعْنَكَ عَلَىٰ أَنْ لَا يُشْرِكْنَ بِاللَّهِ شَيْئًا وَلَا يَسْرِقْنَ وَلَا يَزْنِينَ وَلَا يَقْتُلْنَ أَوْلَادَهُنَّ وَلَا يَأْتِينَ بِبُهْتَانٍ يَفْتَرِينَهُ بَيْنَ أَيْدِيهِنَّ وَأَرْجُلِهِنَّ وَلَا يَعْصِينَكَ فِي مَعْرُوفٍ ۙ فَبَايِعْهُنَّ وَاسْتَغْفِرْ لَهُنَّ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Hai Nabi (Muhammad) manawa sira katekan wong mukmin wadon prasetya ing sira ora bakal mangro tinggal percayane ing Allah, ora bakal ngolong, zina, mateni anake lan ora bakal ngapusi (gawe - gawe) ngaku anak (bocah) kang satemene dudu anake diakokake anak patutan saka lakine marga wedi dipegat jalaran ora ngalihare anak, lan ora nglirwakake panggawe becik kang sira perintahake sira tampanana prasetyane sarta suwuna pangapuraning Allah, satemene Allah kepareng ngapura tur maha asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ قَدْ يَئِسُوا مِنَ الْآخِرَةِ كَمَا يَئِسَ الْكُفَّارُ مِنْ أَصْحَابِ الْقُبُورِ
Para mukmin! Aja padha asih tresna marang wong kang padha dibendoni Allah, awit wong mau padha ora oleh begja ana akherat, padha wong kafir kang wis ana kubur hiya padha ora oleh begja ing akhirat

Choose other languages: