Surah Al-Mumtahana Ayahs #13 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا جَاءَكُمُ الْمُؤْمِنَاتُ مُهَاجِرَاتٍ فَامْتَحِنُوهُنَّ ۖ اللَّهُ أَعْلَمُ بِإِيمَانِهِنَّ ۖ فَإِنْ عَلِمْتُمُوهُنَّ مُؤْمِنَاتٍ فَلَا تَرْجِعُوهُنَّ إِلَى الْكُفَّارِ ۖ لَا هُنَّ حِلٌّ لَهُمْ وَلَا هُمْ يَحِلُّونَ لَهُنَّ ۖ وَآتُوهُمْ مَا أَنْفَقُوا ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ أَنْ تَنْكِحُوهُنَّ إِذَا آتَيْتُمُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ ۚ وَلَا تُمْسِكُوا بِعِصَمِ الْكَوَافِرِ وَاسْأَلُوا مَا أَنْفَقْتُمْ وَلْيَسْأَلُوا مَا أَنْفَقُوا ۚ ذَٰلِكُمْ حُكْمُ اللَّهِ ۖ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah) saka panggonane wong kafir iku sira coba-a kelawan disumpah temen mung neja dhemen agama Islam, Allah nguningani temen lan gorohe anggone ngaku percaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yen Islam temenan marga gelem sumpah aja sira balekake marang wong kafir. Para wadon mau ora wenang dadi rabine wong kafir, uga wong kafir hiya ora wenang dadi rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar balekna. Manawa sira arep nikah wong wadon mau ora ana alangane yen sira bayar maskawine. Sira aja mengku rabi wong wadon kafir, lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar (manawa rabinira dadi kafir). Mangkono maneh wong kafir manawa rabine dadi Islam, hiya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono hukume Allah aknggo ngadili sira kabeh. Allah iku nguningani tur wicaksana
وَإِنْ فَاتَكُمْ شَيْءٌ مِنْ أَزْوَاجِكُمْ إِلَى الْكُفَّارِ فَعَاقَبْتُمْ فَآتُوا الَّذِينَ ذَهَبَتْ أَزْوَاجُهُمْ مِثْلَ مَا أَنْفَقُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي أَنْتُمْ بِهِ مُؤْمِنُونَ
Menawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadikafir kang mangka sira banjur menang perang ngelawan wong kafir mau iku kang rabine lunga dadi kafir mau sira paringana panduman jarahan sapira akehe maskawin kang wis dibayar, sira padha bektia ing Allah kang sira percaya
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ إِذَا جَاءَكَ الْمُؤْمِنَاتُ يُبَايِعْنَكَ عَلَىٰ أَنْ لَا يُشْرِكْنَ بِاللَّهِ شَيْئًا وَلَا يَسْرِقْنَ وَلَا يَزْنِينَ وَلَا يَقْتُلْنَ أَوْلَادَهُنَّ وَلَا يَأْتِينَ بِبُهْتَانٍ يَفْتَرِينَهُ بَيْنَ أَيْدِيهِنَّ وَأَرْجُلِهِنَّ وَلَا يَعْصِينَكَ فِي مَعْرُوفٍ ۙ فَبَايِعْهُنَّ وَاسْتَغْفِرْ لَهُنَّ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Hai Nabi (Muhammad) manawa sira katekan wong mukmin wadon prasetya ing sira ora bakal mangro tinggal percayane ing Allah, ora bakal ngolong, zina, mateni anake lan ora bakal ngapusi (gawe - gawe) ngaku anak (bocah) kang satemene dudu anake diakokake anak patutan saka lakine marga wedi dipegat jalaran ora ngalihare anak, lan ora nglirwakake panggawe becik kang sira perintahake sira tampanana prasetyane sarta suwuna pangapuraning Allah, satemene Allah kepareng ngapura tur maha asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ قَدْ يَئِسُوا مِنَ الْآخِرَةِ كَمَا يَئِسَ الْكُفَّارُ مِنْ أَصْحَابِ الْقُبُورِ
Para mukmin! Aja padha asih tresna marang wong kang padha dibendoni Allah, awit wong mau padha ora oleh begja ana akherat, padha wong kafir kang wis ana kubur hiya padha ora oleh begja ing akhirat
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
