Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #28 Translated in Jawa

قُلْ هُوَ الَّذِي ذَرَأَكُمْ فِي الْأَرْضِ وَإِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
(Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika
قُلْ إِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللَّهِ وَإِنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُبِينٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae
فَلَمَّا رَأَوْهُ زُلْفَةً سِيئَتْ وُجُوهُ الَّذِينَ كَفَرُوا وَقِيلَ هَٰذَا الَّذِي كُنْتُمْ بِهِ تَدَّعُونَ
Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَهْلَكَنِيَ اللَّهُ وَمَنْ مَعِيَ أَوْ رَحِمَنَا فَمَنْ يُجِيرُ الْكَافِرِينَ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ
(Muhammad) Dhawuha, "Apa sira padha mawas menawa Allah bakal nglebur aku sarta kang anyartani aku, malah Panjenengane bakal kagungan welas marang aku, banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani

Choose other languages: