Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #27 Translated in Jawa

قُلْ هُوَ الَّذِي أَنْشَأَكُمْ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَالْأَفْئِدَةَ ۖ قَلِيلًا مَا تَشْكُرُونَ
(Muhammad) Dhawuha, "Allah iku kang agawe awak ira sarta maringi pangrungu lan pandeleng apadene pikiran ewadene kang ngunjukake panuwun mung sathitik
قُلْ هُوَ الَّذِي ذَرَأَكُمْ فِي الْأَرْضِ وَإِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
(Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika
قُلْ إِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللَّهِ وَإِنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُبِينٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae
فَلَمَّا رَأَوْهُ زُلْفَةً سِيئَتْ وُجُوهُ الَّذِينَ كَفَرُوا وَقِيلَ هَٰذَا الَّذِي كُنْتُمْ بِهِ تَدَّعُونَ
Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen

Choose other languages: