Surah Al-Mulk Ayahs #29 Translated in Jawa
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika
قُلْ إِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللَّهِ وَإِنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُبِينٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae
فَلَمَّا رَأَوْهُ زُلْفَةً سِيئَتْ وُجُوهُ الَّذِينَ كَفَرُوا وَقِيلَ هَٰذَا الَّذِي كُنْتُمْ بِهِ تَدَّعُونَ
Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَهْلَكَنِيَ اللَّهُ وَمَنْ مَعِيَ أَوْ رَحِمَنَا فَمَنْ يُجِيرُ الْكَافِرِينَ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ
(Muhammad) Dhawuha, "Apa sira padha mawas menawa Allah bakal nglebur aku sarta kang anyartani aku, malah Panjenengane bakal kagungan welas marang aku, banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani
قُلْ هُوَ الرَّحْمَٰنُ آمَنَّا بِهِ وَعَلَيْهِ تَوَكَّلْنَا ۖ فَسَتَعْلَمُونَ مَنْ هُوَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Sira dhawuha maneh, "Allah iku Pangeran kang Maha Murah, aku percaya lan nyumanggakake samu barangku ing Allah. Ing tembe bakal padha weruh wong kang kesasar kang terang
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
