Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mujadala Ayahs #20 Translated in Jawa

اتَّخَذُوا أَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ فَلَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ
Anggone supata mau kanggo ngaling - ngalingi, tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) saka pituduhe Allah mulane dheweke ing tembe mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake
لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُمْ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Bandhane lan para anake wong lamis ora bisa nulak siksaning Allah sethithik wae, bakal dadi isine neraka kang langgeng
يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ جَمِيعًا فَيَحْلِفُونَ لَهُ كَمَا يَحْلِفُونَ لَكُمْ ۖ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ عَلَىٰ شَيْءٍ ۚ أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ الْكَاذِبُونَ
Besuk Qiyamat nalika Allah nangekake (nguripake) kabeh manungsa wong lamis munjuk ing Allah kanthi supata kaya anggone supata marang sira saiki, ciptane migunani awake, Allah wis wuninga banget tumindake mau goroh kabeh
اسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطَانُ فَأَنْسَاهُمْ ذِكْرَ اللَّهِ ۚ أُولَٰئِكَ حِزْبُ الشَّيْطَانِ ۚ أَلَا إِنَّ حِزْبَ الشَّيْطَانِ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Wong lamis mau kena panggodhane syetan banjur lali ing Allah, lugune dheweke balane syetan. Sumurupa yen balane syetan iku golongan kang kapitunan
إِنَّ الَّذِينَ يُحَادُّونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ أُولَٰئِكَ فِي الْأَذَلِّينَ
Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasule, iku golongane wong kang padha kalah

Choose other languages: