Surah Al-Mujadala Ayahs #22 Translated in Jawa
يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ جَمِيعًا فَيَحْلِفُونَ لَهُ كَمَا يَحْلِفُونَ لَكُمْ ۖ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ عَلَىٰ شَيْءٍ ۚ أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ الْكَاذِبُونَ
Besuk Qiyamat nalika Allah nangekake (nguripake) kabeh manungsa wong lamis munjuk ing Allah kanthi supata kaya anggone supata marang sira saiki, ciptane migunani awake, Allah wis wuninga banget tumindake mau goroh kabeh
اسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطَانُ فَأَنْسَاهُمْ ذِكْرَ اللَّهِ ۚ أُولَٰئِكَ حِزْبُ الشَّيْطَانِ ۚ أَلَا إِنَّ حِزْبَ الشَّيْطَانِ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Wong lamis mau kena panggodhane syetan banjur lali ing Allah, lugune dheweke balane syetan. Sumurupa yen balane syetan iku golongan kang kapitunan
إِنَّ الَّذِينَ يُحَادُّونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ أُولَٰئِكَ فِي الْأَذَلِّينَ
Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasule, iku golongane wong kang padha kalah
كَتَبَ اللَّهُ لَأَغْلِبَنَّ أَنَا وَرُسُلِي ۚ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ عَزِيزٌ
Allah wis nemtokake, "Ingsun lan para Utusaningsun mesthi ngalahake wong mau". Satemene Allah iku santosa tur Maha Mulya
لَا تَجِدُ قَوْمًا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ يُوَادُّونَ مَنْ حَادَّ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَوْ كَانُوا آبَاءَهُمْ أَوْ أَبْنَاءَهُمْ أَوْ إِخْوَانَهُمْ أَوْ عَشِيرَتَهُمْ ۚ أُولَٰئِكَ كَتَبَ فِي قُلُوبِهِمُ الْإِيمَانَ وَأَيَّدَهُمْ بِرُوحٍ مِنْهُ ۖ وَيُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ ۚ أُولَٰئِكَ حِزْبُ اللَّهِ ۚ أَلَا إِنَّ حِزْبَ اللَّهِ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Sira ora bisa oleh wong kang percaya ing Allah lan dina qiyamat, iku supeket ing wong kang nyulayani Allah lan utusane, sanadyan kalebu bapak - bapakne utawa anak putune apa dene sadulure utawa pakumpulane. Allah nulisi Iman ana ing atine lan ngukuhake setiya tuhune kelawan kaparene Allah. Wong mangkono mau ing tembe dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisare kekayon ing kono pada langgeng. Allah kepareng nampani pangabektine. Wong mau padha lega atine tampa ganjaran. Wong mau dadi balaning Allah. Sumurupa, balaning Allah iku padha begja
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
