Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mujadala Ayahs #4 Translated in Jawa

قَدْ سَمِعَ اللَّهُ قَوْلَ الَّتِي تُجَادِلُكَ فِي زَوْجِهَا وَتَشْتَكِي إِلَى اللَّهِ وَاللَّهُ يَسْمَعُ تَحَاوُرَكُمَا ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ
Allah wis mirengake panyuwune wong wadon kang matur ing sira, prakara lakine kang madhakake karo biyunge. Wong wadon mau sesambat ing Allah. Allah wis marengake pasambatira wong sakaloron. Allah iku miyarsa tur mirsani
الَّذِينَ يُظَاهِرُونَ مِنْكُمْ مِنْ نِسَائِهِمْ مَا هُنَّ أُمَّهَاتِهِمْ ۖ إِنْ أُمَّهَاتُهُمْ إِلَّا اللَّائِي وَلَدْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَيَقُولُونَ مُنْكَرًا مِنَ الْقَوْلِ وَزُورًا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَعَفُوٌّ غَفُورٌ
Sarupaning wong lanang kang madhakake rabine karo biyunge rabine mau terang dudu biyunge, Dene biyunge silanang kang temenan ora liya mung wadon kang padha nganakake silanang mau. Dadi anggone madakake rabi karo biyunge mau cetho pangucap goroh. Satemene Allah iku kersa ngapura lan muwung kan mangkono mau
وَالَّذِينَ يُظَاهِرُونَ مِنْ نِسَائِهِمْ ثُمَّ يَعُودُونَ لِمَا قَالُوا فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَتَمَاسَّا ۚ ذَٰلِكُمْ تُوعَظُونَ بِهِ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Sarupane wong kang madhakake rabine karo biyunge, kang mangko banjur hanjabel pangucape, kena patrapan mardikakake kawula (budhak) dilakonono sadurunge kumpul (karo rabine). Allah iku waspodo marang sadhengah kang padha sira lakoni
فَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَتَمَاسَّا ۖ فَمَنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَإِطْعَامُ سِتِّينَ مِسْكِينًا ۚ ذَٰلِكَ لِتُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ وَتِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۗ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Dene sing sapa ora oleh kawula, puasaa rong sasi kang tanpa pedhot dilakonanan sadurunge kumpul (karo rabine) manawa ora rampung puasa, wajibe kudu aweh pangan wong miskin (kelawan pangan kang lumrah). Iku supaya sira padha percaya ing Allah lan ngestokake utusane.Patrapan mangkono mau iku terang saka Allah. Sapa sing maido bakal dipatrapi siksa kang ngelarani

Choose other languages: