Surah Al-Mujadala Ayahs #6 Translated in Jawa
الَّذِينَ يُظَاهِرُونَ مِنْكُمْ مِنْ نِسَائِهِمْ مَا هُنَّ أُمَّهَاتِهِمْ ۖ إِنْ أُمَّهَاتُهُمْ إِلَّا اللَّائِي وَلَدْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَيَقُولُونَ مُنْكَرًا مِنَ الْقَوْلِ وَزُورًا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَعَفُوٌّ غَفُورٌ
Sarupaning wong lanang kang madhakake rabine karo biyunge rabine mau terang dudu biyunge, Dene biyunge silanang kang temenan ora liya mung wadon kang padha nganakake silanang mau. Dadi anggone madakake rabi karo biyunge mau cetho pangucap goroh. Satemene Allah iku kersa ngapura lan muwung kan mangkono mau
وَالَّذِينَ يُظَاهِرُونَ مِنْ نِسَائِهِمْ ثُمَّ يَعُودُونَ لِمَا قَالُوا فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَتَمَاسَّا ۚ ذَٰلِكُمْ تُوعَظُونَ بِهِ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Sarupane wong kang madhakake rabine karo biyunge, kang mangko banjur hanjabel pangucape, kena patrapan mardikakake kawula (budhak) dilakonono sadurunge kumpul (karo rabine). Allah iku waspodo marang sadhengah kang padha sira lakoni
فَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَتَمَاسَّا ۖ فَمَنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَإِطْعَامُ سِتِّينَ مِسْكِينًا ۚ ذَٰلِكَ لِتُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ وَتِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۗ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Dene sing sapa ora oleh kawula, puasaa rong sasi kang tanpa pedhot dilakonanan sadurunge kumpul (karo rabine) manawa ora rampung puasa, wajibe kudu aweh pangan wong miskin (kelawan pangan kang lumrah). Iku supaya sira padha percaya ing Allah lan ngestokake utusane.Patrapan mangkono mau iku terang saka Allah. Sapa sing maido bakal dipatrapi siksa kang ngelarani
إِنَّ الَّذِينَ يُحَادُّونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ كُبِتُوا كَمَا كُبِتَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ وَقَدْ أَنْزَلْنَا آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ ۚ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ مُهِينٌ
Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Utusanne bakal diremehake kaya ummat sadurunge. Ingsun wis nurunake tandha yekti pirang - pirang kang mratandhani temene para - para utusan. Wong kang maido tandha yekti mau bakal dipatrapi siksa kang ngremehake
يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوا ۚ أَحْصَاهُ اللَّهُ وَنَسُوهُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ
Yaiku ing dina qiyamat nalikane Allah nguripake wong kang wis padha mati kabeh. Allah banjur jelentrehake lan melehake sarupane laku hala kang wis padha nyulayani Allah. Allah nacahake sarupane laku hala nanging wong kang nyulayani padha lali, Allah iku mirsani samu barang
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
