Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #88 Translated in Jawa

وَمَا لَنَا لَا نُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَمَا جَاءَنَا مِنَ الْحَقِّ وَنَطْمَعُ أَنْ يُدْخِلَنَا رَبُّنَا مَعَ الْقَوْمِ الصَّالِحِينَ
Lan yagéné aku padha ora angèstu ing Allah sarta barang yakti kang wis tumeka marang aku, kang mangka aku padha kayungyun, amrih Pangéranku anglebokaké aku nunggal para wong tulus
فَأَثَابَهُمُ اللَّهُ بِمَا قَالُوا جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الْمُحْسِنِينَ
Mulané Allah angganjar dhè- wèké patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, amarga sa- ka pangucapé mau, supaya padha manggon ing kono; lan iki ganja- rané para kang padha agawé becik
وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ
Wondéné para kang padha kafir lan padha anggorohaké timbalan-timbalan-Ingsun, iki para mitraning geni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُحَرِّمُوا طَيِّبَاتِ مَا أَحَلَّ اللَّهُ لَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
É, para kang padha angèstu! aja sira padha anglarangi barang angresepaké, kang Allah angenakaké tumrap marang sira lan aja padha anerak wates; sayekti Allah iku ora remen marang para kang padha anerak wates
وَكُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ حَلَالًا طَيِّبًا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي أَنْتُمْ بِهِ مُؤْمِنُونَ
Lan padha mangana barang paparingé Allah marang sira, kang kaidèn kang angresepaké, lan pa- dha di bekti ing Allah, Kang padha sira èstu

Choose other languages: