Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #91 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُحَرِّمُوا طَيِّبَاتِ مَا أَحَلَّ اللَّهُ لَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
É, para kang padha angèstu! aja sira padha anglarangi barang angresepaké, kang Allah angenakaké tumrap marang sira lan aja padha anerak wates; sayekti Allah iku ora remen marang para kang padha anerak wates
وَكُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ حَلَالًا طَيِّبًا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي أَنْتُمْ بِهِ مُؤْمِنُونَ
Lan padha mangana barang paparingé Allah marang sira, kang kaidèn kang angresepaké, lan pa- dha di bekti ing Allah, Kang padha sira èstu
لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللَّهُ بِاللَّغْوِ فِي أَيْمَانِكُمْ وَلَٰكِنْ يُؤَاخِذُكُمْ بِمَا عَقَّدْتُمُ الْأَيْمَانَ ۖ فَكَفَّارَتُهُ إِطْعَامُ عَشَرَةِ مَسَاكِينَ مِنْ أَوْسَطِ مَا تُطْعِمُونَ أَهْلِيكُمْ أَوْ كِسْوَتُهُمْ أَوْ تَحْرِيرُ رَقَبَةٍ ۖ فَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلَاثَةِ أَيَّامٍ ۚ ذَٰلِكَ كَفَّارَةُ أَيْمَانِكُمْ إِذَا حَلَفْتُمْ ۚ وَاحْفَظُوا أَيْمَانَكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Allah ora anganggep ing sumpahira kang kalawan lahan,a ananging Panjenengané anganggep sumpah kang kalawan pupun- tonira; mulané tebusané mènèhi pangan wong miskin sapuluh, arupa kang sedhengan kang sira anggo ngingoni bra- yatira, utawa padha sira sandhangi, utawa mardikakaké gulu siji; nanging sapa sing ora bisa éntuk lah puwasa telung dina; iki tebusané sumpahira manawa sira nibakaké sumpah; lan padha ngreksaa sumpahira. Kaya mang- kono Allah anggoné anerangaké timbalan-timbalan-É marang sira, supaya sira padha atur panuwun
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنْصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
É, para kang padha angèstu! sajeng lan ngabotohanb lan watu kang padha ditata ngadegc sarta panah d iku ora liya lelethek panggawéning sétan, mulané sira dohana, supaya sira padha begja
إِنَّمَا يُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَنْ يُوقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ فِي الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ وَعَنِ الصَّلَاةِ ۖ فَهَلْ أَنْتُمْ مُنْتَهُونَ
Sétan iku mung ngarah arep nukulaké mumungsuhan lan gege- thingan ing antaranira asarana sa- jeng lan ngabotohan, sarta anyegah sira saka éling maring Allah tuwin saka ing salat; lah apa ta sira arep padha marèni

Choose other languages: