Surah Al-Maeda Ayahs #11 Translated in Jawa
وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَمِيثَاقَهُ الَّذِي وَاثَقَكُمْ بِهِ إِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Lan padha diagem élinga nugrahaning Allah marang sira sarta padha prajanjian-É kang Diagem uger-ugerira, nalikané sira padha matur: Kawula sampun sami mireng saha kawula sami amba- ngun-turut; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku anguni- ngani saisining ati
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَىٰ أَلَّا تَعْدِلُوا ۚ اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
É, para kang padha angèstu! Di padha jejeg maring Allah, apasaksi kalawan tulus,d lan pang- gethingé sawijining golongan iku aja nganti anjalari sira padha atindak ora adil;e padha atindaka adil, iku luwih parek marang bekti; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni
وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ ۙ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ عَظِيمٌ
Allah wis anyagahi para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal padha olèh pangapura sarta ganjaran kang gedhé
وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ
Lan para kang padha kafir sarta anggorohaké timbalan-timba- lan-Ingsun, iki padha mitraning geni murub
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ هَمَّ قَوْمٌ أَنْ يَبْسُطُوا إِلَيْكُمْ أَيْدِيَهُمْ فَكَفَّ أَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
É, para kang padha angèstu! Padha élinga nugrahaning Allah marang sira, nalikané sawijining golongan anetepaké sedya anibak- aké tangané marang sira, tumuli Panjenengané angéndhakaké ta- ngané saka ing sira; lan padha di bekti ing Allah; mulané marang Allah kuduné suméndhéné para kang padha angèstu
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
