Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #12 Translated in Jawa

5:8
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَىٰ أَلَّا تَعْدِلُوا ۚ اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
É, para kang padha angèstu! Di padha jejeg maring Allah, apasaksi kalawan tulus,d lan pang- gethingé sawijining golongan iku aja nganti anjalari sira padha atindak ora adil;e padha atindaka adil, iku luwih parek marang bekti; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni
5:9
وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ ۙ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ عَظِيمٌ
Allah wis anyagahi para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal padha olèh pangapura sarta ganjaran kang gedhé
وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ
Lan para kang padha kafir sarta anggorohaké timbalan-timba- lan-Ingsun, iki padha mitraning geni murub
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ هَمَّ قَوْمٌ أَنْ يَبْسُطُوا إِلَيْكُمْ أَيْدِيَهُمْ فَكَفَّ أَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
É, para kang padha angèstu! Padha élinga nugrahaning Allah marang sira, nalikané sawijining golongan anetepaké sedya anibak- aké tangané marang sira, tumuli Panjenengané angéndhakaké ta- ngané saka ing sira; lan padha di bekti ing Allah; mulané marang Allah kuduné suméndhéné para kang padha angèstu
وَلَقَدْ أَخَذَ اللَّهُ مِيثَاقَ بَنِي إِسْرَائِيلَ وَبَعَثْنَا مِنْهُمُ اثْنَيْ عَشَرَ نَقِيبًا ۖ وَقَالَ اللَّهُ إِنِّي مَعَكُمْ ۖ لَئِنْ أَقَمْتُمُ الصَّلَاةَ وَآتَيْتُمُ الزَّكَاةَ وَآمَنْتُمْ بِرُسُلِي وَعَزَّرْتُمُوهُمْ وَأَقْرَضْتُمُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا لَأُكَفِّرَنَّ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَلَأُدْخِلَنَّكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۚ فَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذَٰلِكَ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاءَ السَّبِيلِ
Lan sayekti temen Allah wus mundhut janjiné para turun Israila lan ana rolas sing Ingsun degaké dadi lulurah; lan Allah angan- dika: sayekti Ingsun anyartani sira; manawa sira padha anjumene- ngaké salat sarta ambayar zakat tuwin padha angèstu ing para utusan-Ingsun apa déné padha angréwangi dhèwèké, lan padha angunjukaké ing Allah pisung- sung kang luhung,a sayekti temen Ingsun bakal angalingi ing sira saka panggawé-panggawénira kang ala, lan sayekti temen sira bakal padha Ingsun lebokaké ing pata- manan kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; lah sapa ing antaranira kang angafiri sawisé mangkono iku, temen kasasar saka dalan kang bener

Choose other languages: