Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #28 Translated in Jawa

قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِنَّا لَنْ نَدْخُلَهَا أَبَدًا مَا دَامُوا فِيهَا ۖ فَاذْهَبْ أَنْتَ وَرَبُّكَ فَقَاتِلَا إِنَّا هَاهُنَا قَاعِدُونَ
Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu kula boten badhé malebet mriku salaminipun sa- mangsa piyambakipun taksih sami wonten ing ngriku; milanipun sam- péyan bidhal, sampéyan kaliyan Pangéran sampéyan, lajeng sam- péyan perang sakaliyan; saèstu kula badhé kèndel angentosi ing ngriki
قَالَ رَبِّ إِنِّي لَا أَمْلِكُ إِلَّا نَفْسِي وَأَخِي ۖ فَافْرُقْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ
Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Saèstu kawula boten anguwasani kajawi badan kawula piyambak sarta sadhèrèk kawula; milanipun mugi Tuwan amisahaken kawula kaliyan golongan ingkang murang yekti
قَالَ فَإِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ ۛ أَرْبَعِينَ سَنَةً ۛ يَتِيهُونَ فِي الْأَرْضِ ۚ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ
Panjenengané angandika: Mulané, sayekti iku dadi larangan ingatasé dhèwèké patang puluh taun; dhèwèké bakal padha klambrangan ana ing bumi; mulané aja sira anggetuni marang golongan kang murang yekti
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآخَرِ قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ ۖ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ
Lan nyaritakna marang dhè- wèké caritané anaké Adam loro kalawan sanyatané, nalikané saka- roné angurbanaké kurban, ana- nging loro iku kang siji kina- bulaké, sarta ora kinabulaké sijiné. Calathuné: Kowé masthi bakal dakpatèni. calathu: Allah iku mung angabuli para wong bekti
لَئِنْ بَسَطْتَ إِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِي مَا أَنَا بِبَاسِطٍ يَدِيَ إِلَيْكَ لِأَقْتُلَكَ ۖ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ رَبَّ الْعَالَمِينَ
Manawa kowé anibakaké ta- nganmu marang aku amrih patiku, ora bakal aku anibakaké tanganku marang kowé amrih patimu; sa- yekti aku iki wedi ing Allah, Pangéraning ngalam kabèh

Choose other languages: