Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #26 Translated in Jawa

قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِنَّ فِيهَا قَوْمًا جَبَّارِينَ وَإِنَّا لَنْ نَدْخُلَهَا حَتَّىٰ يَخْرُجُوا مِنْهَا فَإِنْ يَخْرُجُوا مِنْهَا فَإِنَّا دَاخِلُونَ
Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu, ing nglebetipun wonten tiyangipun ingkang sami prakosa, lan saèstu kula boten badhé sami malebet mriku, ngan- tos samedalipun saking ngriku, lah manawi piyambakipun medal sa- king ngriku, saèstu kula tumunten sami malebet
قَالَ رَجُلَانِ مِنَ الَّذِينَ يَخَافُونَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِمَا ادْخُلُوا عَلَيْهِمُ الْبَابَ فَإِذَا دَخَلْتُمُوهُ فَإِنَّكُمْ غَالِبُونَ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَتَوَكَّلُوا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Wong lanang loro golongané para kang padha wedi, kang sakaroné wus kaparingan nugraha déning Allah, acalathu: Dhèwèké padha lebonana metu gapurané, mengko manawa kowé wis padha malebu mrono, lah sayekti kowé padha wong menang, lan marang Allah kuduné suméndhému ma- nawa kowé iku padha wong angèstu
قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِنَّا لَنْ نَدْخُلَهَا أَبَدًا مَا دَامُوا فِيهَا ۖ فَاذْهَبْ أَنْتَ وَرَبُّكَ فَقَاتِلَا إِنَّا هَاهُنَا قَاعِدُونَ
Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu kula boten badhé malebet mriku salaminipun sa- mangsa piyambakipun taksih sami wonten ing ngriku; milanipun sam- péyan bidhal, sampéyan kaliyan Pangéran sampéyan, lajeng sam- péyan perang sakaliyan; saèstu kula badhé kèndel angentosi ing ngriki
قَالَ رَبِّ إِنِّي لَا أَمْلِكُ إِلَّا نَفْسِي وَأَخِي ۖ فَافْرُقْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ
Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Saèstu kawula boten anguwasani kajawi badan kawula piyambak sarta sadhèrèk kawula; milanipun mugi Tuwan amisahaken kawula kaliyan golongan ingkang murang yekti
قَالَ فَإِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ ۛ أَرْبَعِينَ سَنَةً ۛ يَتِيهُونَ فِي الْأَرْضِ ۚ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ
Panjenengané angandika: Mulané, sayekti iku dadi larangan ingatasé dhèwèké patang puluh taun; dhèwèké bakal padha klambrangan ana ing bumi; mulané aja sira anggetuni marang golongan kang murang yekti

Choose other languages: