Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #6 Translated in Jawa

وَآتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ وَجَعَلْنَاهُ هُدًى لِبَنِي إِسْرَائِيلَ أَلَّا تَتَّخِذُوا مِنْ دُونِي وَكِيلًا
Lan maneh Ingsun wis maringi kitab Taurat marang Musa, Dheweke Ingsun dadekake wong kang nuduhake dalan bener marang wong Bani Israil, supaya wong Bani Israil aja padha mangeran marang saliyane Ingsun
ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوحٍ ۚ إِنَّهُ كَانَ عَبْدًا شَكُورًا
He turune wong kang padha tunggangake perahu bareng karo Nuh biyen, sumurupa, menawa Nuh iku wajining kawulaningsun kang gelem ngaturake syukur marang peparingingsun
وَقَضَيْنَا إِلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ فِي الْكِتَابِ لَتُفْسِدُنَّ فِي الْأَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيرًا
Lan Ingsun paring wahyu marang wong Bani Israil, kasebut ing kitab, Ingsun paringi pirsa manawa ing tembe para wong Bani Isrial mau padha balela ing Allah, gawe kerusakan ana ing bumi, sarana duraka, nganti rambah kaping pindho, lan padha gumedhe kumaluhur banget
فَإِذَا جَاءَ وَعْدُ أُولَاهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَنَا أُولِي بَأْسٍ شَدِيدٍ فَجَاسُوا خِلَالَ الدِّيَارِ ۚ وَكَانَ وَعْدًا مَفْعُولًا
Bareng wis kelakon pepesthen kang sapisan, (yaiku wong Bani Israil padha balela ing Allah kang sepisan), wong Bani Israil banjur Ingsun tekani mungsuh kawulaningsun kang gagah perkosa tanpa lawan ing perang, (yaiku raja Jalut sawadya balane), iku padha dioyak-oyak ing negara lan ing padesan, bakal dipateni utawa diboyong. Kang mengkono iku wis ditemtokake dening Allah kang mesthi tumindak lan kelakon
ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ وَأَمْدَدْنَاكُمْ بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَجَعَلْنَاكُمْ أَكْثَرَ نَفِيرًا
Wong bani Israil sawise keplayu anggone perang, (banjur padha tobat ing Allah). Ingkono banjur Ingsun balekake Kratone, sarta padha diparingi sugih bandha lan anak, lan Ingsun dadekake bebrayan luwih dening akeh

Choose other languages: