Surah Al-Isra Ayahs #8 Translated in Jawa
وَقَضَيْنَا إِلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ فِي الْكِتَابِ لَتُفْسِدُنَّ فِي الْأَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيرًا
Lan Ingsun paring wahyu marang wong Bani Israil, kasebut ing kitab, Ingsun paringi pirsa manawa ing tembe para wong Bani Isrial mau padha balela ing Allah, gawe kerusakan ana ing bumi, sarana duraka, nganti rambah kaping pindho, lan padha gumedhe kumaluhur banget
فَإِذَا جَاءَ وَعْدُ أُولَاهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَنَا أُولِي بَأْسٍ شَدِيدٍ فَجَاسُوا خِلَالَ الدِّيَارِ ۚ وَكَانَ وَعْدًا مَفْعُولًا
Bareng wis kelakon pepesthen kang sapisan, (yaiku wong Bani Israil padha balela ing Allah kang sepisan), wong Bani Israil banjur Ingsun tekani mungsuh kawulaningsun kang gagah perkosa tanpa lawan ing perang, (yaiku raja Jalut sawadya balane), iku padha dioyak-oyak ing negara lan ing padesan, bakal dipateni utawa diboyong. Kang mengkono iku wis ditemtokake dening Allah kang mesthi tumindak lan kelakon
ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ وَأَمْدَدْنَاكُمْ بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَجَعَلْنَاكُمْ أَكْثَرَ نَفِيرًا
Wong bani Israil sawise keplayu anggone perang, (banjur padha tobat ing Allah). Ingkono banjur Ingsun balekake Kratone, sarta padha diparingi sugih bandha lan anak, lan Ingsun dadekake bebrayan luwih dening akeh
إِنْ أَحْسَنْتُمْ أَحْسَنْتُمْ لِأَنْفُسِكُمْ ۖ وَإِنْ أَسَأْتُمْ فَلَهَا ۚ فَإِذَا جَاءَ وَعْدُ الْآخِرَةِ لِيَسُوءُوا وُجُوهَكُمْ وَلِيَدْخُلُوا الْمَسْجِدَ كَمَا دَخَلُوهُ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَلِيُتَبِّرُوا مَا عَلَوْا تَتْبِيرًا
(Pangandikane Allah marang wong Bani Israil), "Menawa sira nindakake panggawe becik, iya mung kanggo awakira dhewe lan lamun sira agawe ala, iya mitunani marang jiwanira." Bareng janji (siksa) kang pungkasan (kapindho) wis teka, Ingsun nuli ngutus musuh-musuhira (raja Parsi lan Rum) supaya nginakake (ngalahake) marang sira (Bani Israil), lan uga supaya wong-wong padha mlebu ing Masjid (Baitul Maqdis lan wewengkone) kaya anggone wis padha mlebu ngobrak-ngabrik dhek biyen (kang sapisan). Mengkono uga mungsuhira supaya (ora leren-leren) ngrusak sira kabeh selagine dheweke isih nyekel kekuasaan
عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَنْ يَرْحَمَكُمْ ۚ وَإِنْ عُدْتُمْ عُدْنَا ۘ وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكَافِرِينَ حَصِيرًا
(He wong Bani Israil, sawise sira gawe kerusakan ana ing bumi kang kapindho iki, menawa sira banjur tobat temenan) muga-muga Pangeranira paring (pangapura) lan rahmat marang sira kabeh. Dene menawa sira bali (gawe kerusakan ana ing bumi maneh), Ingsun mesthi uga bali paring siksa ing sira. Lan Ingsun ndamel Jahannam iku kanggo pakundjarane wong-wong kafir
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
