Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #5 Translated in Jawa

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ
Maha suci Allah, kang wis nimbali Muhammad kawulane, lumaku ing wayah wengi, saka Masjidil-Haram ing negara mekkah, marang masjidil Aqsha (kang uga aran baitul muqaddas/baitul maqdis, ing tanah palestina), kang tanah sakiwa-tengene baitul muqaddas mau Ingsun berkahi, (sarana Ingsun wenehi kali pirang-pirang pating sreweh, sarta bumine Ingsun gawe loh jinawi, sarta kathah para nabi kang di utus wonten daerah baitul muqaddas wau), mulane Muhammad Ingsun timbali, bakal Ingsun kersakake munggah marang langit, sarta Ingsun paringi priksa ayat kaelokan Kawusaningsun. Satemene Allah iku Dzat kang Midhanget tur Periksa
وَآتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ وَجَعَلْنَاهُ هُدًى لِبَنِي إِسْرَائِيلَ أَلَّا تَتَّخِذُوا مِنْ دُونِي وَكِيلًا
Lan maneh Ingsun wis maringi kitab Taurat marang Musa, Dheweke Ingsun dadekake wong kang nuduhake dalan bener marang wong Bani Israil, supaya wong Bani Israil aja padha mangeran marang saliyane Ingsun
ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوحٍ ۚ إِنَّهُ كَانَ عَبْدًا شَكُورًا
He turune wong kang padha tunggangake perahu bareng karo Nuh biyen, sumurupa, menawa Nuh iku wajining kawulaningsun kang gelem ngaturake syukur marang peparingingsun
وَقَضَيْنَا إِلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ فِي الْكِتَابِ لَتُفْسِدُنَّ فِي الْأَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيرًا
Lan Ingsun paring wahyu marang wong Bani Israil, kasebut ing kitab, Ingsun paringi pirsa manawa ing tembe para wong Bani Isrial mau padha balela ing Allah, gawe kerusakan ana ing bumi, sarana duraka, nganti rambah kaping pindho, lan padha gumedhe kumaluhur banget
فَإِذَا جَاءَ وَعْدُ أُولَاهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَنَا أُولِي بَأْسٍ شَدِيدٍ فَجَاسُوا خِلَالَ الدِّيَارِ ۚ وَكَانَ وَعْدًا مَفْعُولًا
Bareng wis kelakon pepesthen kang sapisan, (yaiku wong Bani Israil padha balela ing Allah kang sepisan), wong Bani Israil banjur Ingsun tekani mungsuh kawulaningsun kang gagah perkosa tanpa lawan ing perang, (yaiku raja Jalut sawadya balane), iku padha dioyak-oyak ing negara lan ing padesan, bakal dipateni utawa diboyong. Kang mengkono iku wis ditemtokake dening Allah kang mesthi tumindak lan kelakon

Choose other languages: