Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #105 Translated in Jawa

وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَىٰ تِسْعَ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ ۖ فَاسْأَلْ بَنِي إِسْرَائِيلَ إِذْ جَاءَهُمْ فَقَالَ لَهُ فِرْعَوْنُ إِنِّي لَأَظُنُّكَ يَا مُوسَىٰ مَسْحُورًا
Lan temen Ingsun wis paring marang Musa sangang ayat (mukjizat) kang terang lan gamblang. Sira ndangua marang wong-wong bani Israil, kepriye lakone Fir’aun nalika ditekani Nabi Musa. Fir’aun madoni marang Nabi Musa, "He Musa, panemuku, sira iku wong kang kena sihir
قَالَ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا أَنْزَلَ هَٰؤُلَاءِ إِلَّا رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ بَصَائِرَ وَإِنِّي لَأَظُنُّكَ يَا فِرْعَوْنُ مَثْبُورًا
Nabi Musa mangsuli marang Fir’aun, "Sayektos panjenengan (Fir’aun) sampun sumerep menawi boten wonten ingkang nurunaken tandha yekti (mukjizat), kajawi Pangeraning langit lan bumi, supados dados ketrangan ingkang cetho. Lan miturut pamanggih kula, panjenengan punika Fir’aun, tiyang ingkang sampun dipun tebihaken saking rahmat
فَأَرَادَ أَنْ يَسْتَفِزَّهُمْ مِنَ الْأَرْضِ فَأَغْرَقْنَاهُ وَمَنْ مَعَهُ جَمِيعًا
Fir’aun banjur duwe karep nundhung (numpes) Nabi Musa lan wong-wong Bani Israil saka bum (Mesir), awit saka Ingsun banjur ngeremake Fir’aun sarta wong kang dadi pendhereke kabeh
وَقُلْنَا مِنْ بَعْدِهِ لِبَنِي إِسْرَائِيلَ اسْكُنُوا الْأَرْضَ فَإِذَا جَاءَ وَعْدُ الْآخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيفًا
Sapungkure Fir’aun, Ingsun banjur paring pangandika marang wong Bani Israil, "Sira padha tetap manggona ana ing bumi iki, menawa wis teka janji kang akhir, Ingsun mesthi nekakae sira kabeh
وَبِالْحَقِّ أَنْزَلْنَاهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَ ۗ وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا مُبَشِّرًا وَنَذِيرًا
Lan Ungsun nurunake al-Qur’an iku klawan bener sarta tumurune uga klawan bener. Lan Ingsun ora ngutus sira Muhammmad kajaba ambebungah lan meden-medeni

Choose other languages: