Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #108 Translated in Jawa

وَقُلْنَا مِنْ بَعْدِهِ لِبَنِي إِسْرَائِيلَ اسْكُنُوا الْأَرْضَ فَإِذَا جَاءَ وَعْدُ الْآخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيفًا
Sapungkure Fir’aun, Ingsun banjur paring pangandika marang wong Bani Israil, "Sira padha tetap manggona ana ing bumi iki, menawa wis teka janji kang akhir, Ingsun mesthi nekakae sira kabeh
وَبِالْحَقِّ أَنْزَلْنَاهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَ ۗ وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا مُبَشِّرًا وَنَذِيرًا
Lan Ungsun nurunake al-Qur’an iku klawan bener sarta tumurune uga klawan bener. Lan Ingsun ora ngutus sira Muhammmad kajaba ambebungah lan meden-medeni
وَقُرْآنًا فَرَقْنَاهُ لِتَقْرَأَهُ عَلَى النَّاسِ عَلَىٰ مُكْثٍ وَنَزَّلْنَاهُ تَنْزِيلًا
Lan Ingsun mijangake lan njlentrehake al-Qur’an, supaya sira waca lan sira dhawuha marang para manungsa klawan sarenti lan lumintu. Lan al-Qur’an iku Ingsun turunake saka sethithik
قُلْ آمِنُوا بِهِ أَوْ لَا تُؤْمِنُوا ۚ إِنَّ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهِ إِذَا يُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ يَخِرُّونَ لِلْأَذْقَانِ سُجَّدًا
Sira dhawuha, "Sira (menawa begja) padha gelema percaya marang al-Qur’an, utawa (yen sira nemahi cilaka) aja percaya marang al-Qur’an. Satemene wong-wong kang wis diparingi ilmu sadurunge tumurune al-Qur’an menawa al-Qur’an iku diwacakake marang dheweke, banjur padha sumungkem bathuke padha disujudake, sujud marang Allah
وَيَقُولُونَ سُبْحَانَ رَبِّنَا إِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُولًا
Lan wong-wong mau padha matur, Maha Suci Pangeran kawula, sayektos janjinipun Pangean kawula punika mesthi kelampahan

Choose other languages: