Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #55 Translated in Jawa

وَنَبِّئْهُمْ عَنْ ضَيْفِ إِبْرَاهِيمَ
Lan padha wartanana prakara dhayoh-dhayohé Ibrahim
إِذْ دَخَلُوا عَلَيْهِ فَقَالُوا سَلَامًا قَالَ إِنَّا مِنْكُمْ وَجِلُونَ
Nalika padha malebu marang panggonané banjur padha acala- thu: Rahayu. Wangsulané: Saèstu, kula ajrih dhateng panjenengan
قَالُوا لَا تَوْجَلْ إِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلَامٍ عَلِيمٍ
Padha calathu: Sampun sam- péyan ajrih, saèstu, kula suka wartos bibingah dhateng sampé- yan, sampéyan badhé sinungan putra jaler, sugih kawruh
قَالَ أَبَشَّرْتُمُونِي عَلَىٰ أَنْ مَسَّنِيَ الْكِبَرُ فَبِمَ تُبَشِّرُونَ
Calathuné: Kados pundi pan- jenengan aparing wartos bibingah ing kalanipun kula sampun dumugi umur sepuh? __ Lah, punapa ta baya wartos bibi- ngah ingkang panjenengan paring- aken kula
قَالُوا بَشَّرْنَاكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُنْ مِنَ الْقَانِطِينَ
Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampéyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampéyan dados èwoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng

Choose other languages: