Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #72 Translated in Jawa

وَإِنْ جَادَلُوكَ فَقُلِ اللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُونَ
Dene menawa wong - wong mau meksa madoni marang sira ing bab agama, dhawuha, "Allah iku luwih nguningani ing kabeh barang kang sira tindakake
اللَّهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كُنْتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ
(He wong mukmin lan wong kafir) besuk dina Qiyamat Allah bakal ngukumi ing perkara kang sira sulayakake
أَلَمْ تَعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۗ إِنَّ ذَٰلِكَ فِي كِتَابٍ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ
Apa sira durung sumurup, yen saktemene Allah iku nguningani barang kang ana ing langit lan bumi? Saktemene kabeh iku wis ditulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz). Saktemene mengkono mungguhe ALlah barang kang mayar
وَيَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا وَمَا لَيْسَ لَهُمْ بِهِ عِلْمٌ ۗ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ نَصِيرٍ
Lan wong - wong mau padha manembah sesembahan sakliyane ALlah yaiku brahala, kang Allah ora andhawuhake tandha yektine menawa iku pangeran; wong - wong mau uga ora sumurup tandha yektine. Wong - wong kang padha aniaya marang awake dhewe (musyrik) ora ana kang mitulungi
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ تَعْرِفُ فِي وُجُوهِ الَّذِينَ كَفَرُوا الْمُنْكَرَ ۖ يَكَادُونَ يَسْطُونَ بِالَّذِينَ يَتْلُونَ عَلَيْهِمْ آيَاتِنَا ۗ قُلْ أَفَأُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِنْ ذَٰلِكُمُ ۗ النَّارُ وَعَدَهَا اللَّهُ الَّذِينَ كَفَرُوا ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Menawa diwacakake ayat - ayatingsun kanthi cetha, sira bajur sumurup menawa bathine nampik keterangan ana ing polatan raine, kaya dene arep nandukake mara tangan marang wong kang macakake ayat - ayat mau. (Muhammad) sira dhawuha, "Apa sira gelem tak wenehi weruh kang luwih ala katimbang kang sira gethingi? yaiku neraka, kang wis dicawisake dening ALlah tumrap wong - wong kang kafir. Lan iku ala - alane panggonan bali

Choose other languages: