Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #71 Translated in Jawa

لِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا هُمْ نَاسِكُوهُ ۖ فَلَا يُنَازِعُنَّكَ فِي الْأَمْرِ ۚ وَادْعُ إِلَىٰ رَبِّكَ ۖ إِنَّكَ لَعَلَىٰ هُدًى مُسْتَقِيمٍ
Kabeh ummat padha Ingsun pernata kanthi syari’at, kabeh padha Ingsun kersakake nglakoni syari’ate dhewe - dhewe. Mulane para ummat (ahli kitab) kang saiki isih urip, aja padha madoni marang sira (Muhammad), lan ajak - ajaka nglakoni syari’at agamanira, ngestokake prentahe Pangeranira. Saktemene sira iku yekti ana ing pituduh (agama) kang bener
وَإِنْ جَادَلُوكَ فَقُلِ اللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُونَ
Dene menawa wong - wong mau meksa madoni marang sira ing bab agama, dhawuha, "Allah iku luwih nguningani ing kabeh barang kang sira tindakake
اللَّهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كُنْتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ
(He wong mukmin lan wong kafir) besuk dina Qiyamat Allah bakal ngukumi ing perkara kang sira sulayakake
أَلَمْ تَعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۗ إِنَّ ذَٰلِكَ فِي كِتَابٍ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ
Apa sira durung sumurup, yen saktemene Allah iku nguningani barang kang ana ing langit lan bumi? Saktemene kabeh iku wis ditulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz). Saktemene mengkono mungguhe ALlah barang kang mayar
وَيَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا وَمَا لَيْسَ لَهُمْ بِهِ عِلْمٌ ۗ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ نَصِيرٍ
Lan wong - wong mau padha manembah sesembahan sakliyane ALlah yaiku brahala, kang Allah ora andhawuhake tandha yektine menawa iku pangeran; wong - wong mau uga ora sumurup tandha yektine. Wong - wong kang padha aniaya marang awake dhewe (musyrik) ora ana kang mitulungi

Choose other languages: