Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #13 Translated in Jawa

هُوَ الَّذِي يُنَزِّلُ عَلَىٰ عَبْدِهِ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ لِيُخْرِجَكُمْ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۚ وَإِنَّ اللَّهَ بِكُمْ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ
Allah kang nurunake tandha yekti kang cetha pirang - pirang marang kawulane kanggo metokake sira saka panggonan peteng marang pepadhanging (Iman) kang mangkono iku cetha sih piwalesing Allah marang sira
وَمَا لَكُمْ أَلَّا تُنْفِقُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلِلَّهِ مِيرَاثُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا يَسْتَوِي مِنْكُمْ مَنْ أَنْفَقَ مِنْ قَبْلِ الْفَتْحِ وَقَاتَلَ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْظَمُ دَرَجَةً مِنَ الَّذِينَ أَنْفَقُوا مِنْ بَعْدُ وَقَاتَلُوا ۚ وَكُلًّا وَعَدَ اللَّهُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Ya gene sira ora gelem metokake sebagian bandha mau kanggo ragad ana ing dhalaning Allah kang mangkono isening langit lan bumi iki kabeh kagungane Allah? nanging wong kang gelem metokake sebagian bandhane lan gelem mangsah perang sakdurunge Mekkah bedha, drajade luwih gedhe tinimbang sawise iku lagi gelem mragadi lan melu perang. Kabeh hiya padha oleh prasetianing Allah, bakal diparingi ganjaran kang luwih becik. Allah iku waspadha samu barang kang padha sira lakoni
مَنْ ذَا الَّذِي يُقْرِضُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضَاعِفَهُ لَهُ وَلَهُ أَجْرٌ كَرِيمٌ
Sapa kang potang kabecikan marang Allah, sarana potang (ginawe kaperluan) kang becik, ing tembe Allah bakal nyahur nganti tikel - matikel uga ganjar suwarga kang mulya
يَوْمَ تَرَى الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ يَسْعَىٰ نُورُهُمْ بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَبِأَيْمَانِهِمْ بُشْرَاكُمُ الْيَوْمَ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
(Yaiku) nalikane sira ngeleng para mukmin lanang lan wadon cahyane padha mencorong ana ngarepe lan kiwa tengene. (sarta padha nampa dhawuh): "Begja temen sira ing dina iku padha melebu suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, sarta padha langgeng. hiya iku tetep kabegjan gedhe
يَوْمَ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالْمُنَافِقَاتُ لِلَّذِينَ آمَنُوا انْظُرُونَا نَقْتَبِسْ مِنْ نُورِكُمْ قِيلَ ارْجِعُوا وَرَاءَكُمْ فَالْتَمِسُوا نُورًا فَضُرِبَ بَيْنَهُمْ بِسُورٍ لَهُ بَابٌ بَاطِنُهُ فِيهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهُ مِنْ قِبَلِهِ الْعَذَابُ
Yaiku nalikane para wong lamis lanang lan wadon padha ngucap marang para mukmin: "Sampiyan mirsanana dhateng kula, kula badhe nular cahya panjenengan". Para wong lamis mau bandjur didhawuhi (Malaikat): "Kowe baliya memburi lan goleknana dhewe cahya kanggomu". Nuli dialing - alingi pager kang ana lawange, sajerone pager isi rahmat ing jaba kebak siksa

Choose other languages: