Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #15 Translated in Jawa

مَنْ ذَا الَّذِي يُقْرِضُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضَاعِفَهُ لَهُ وَلَهُ أَجْرٌ كَرِيمٌ
Sapa kang potang kabecikan marang Allah, sarana potang (ginawe kaperluan) kang becik, ing tembe Allah bakal nyahur nganti tikel - matikel uga ganjar suwarga kang mulya
يَوْمَ تَرَى الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ يَسْعَىٰ نُورُهُمْ بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَبِأَيْمَانِهِمْ بُشْرَاكُمُ الْيَوْمَ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
(Yaiku) nalikane sira ngeleng para mukmin lanang lan wadon cahyane padha mencorong ana ngarepe lan kiwa tengene. (sarta padha nampa dhawuh): "Begja temen sira ing dina iku padha melebu suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, sarta padha langgeng. hiya iku tetep kabegjan gedhe
يَوْمَ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالْمُنَافِقَاتُ لِلَّذِينَ آمَنُوا انْظُرُونَا نَقْتَبِسْ مِنْ نُورِكُمْ قِيلَ ارْجِعُوا وَرَاءَكُمْ فَالْتَمِسُوا نُورًا فَضُرِبَ بَيْنَهُمْ بِسُورٍ لَهُ بَابٌ بَاطِنُهُ فِيهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهُ مِنْ قِبَلِهِ الْعَذَابُ
Yaiku nalikane para wong lamis lanang lan wadon padha ngucap marang para mukmin: "Sampiyan mirsanana dhateng kula, kula badhe nular cahya panjenengan". Para wong lamis mau bandjur didhawuhi (Malaikat): "Kowe baliya memburi lan goleknana dhewe cahya kanggomu". Nuli dialing - alingi pager kang ana lawange, sajerone pager isi rahmat ing jaba kebak siksa
يُنَادُونَهُمْ أَلَمْ نَكُنْ مَعَكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ وَلَٰكِنَّكُمْ فَتَنْتُمْ أَنْفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ وَغَرَّتْكُمُ الْأَمَانِيُّ حَتَّىٰ جَاءَ أَمْرُ اللَّهِ وَغَرَّكُمْ بِاللَّهِ الْغَرُورُ
Wong kang padha lamis mau padha ngundhang saka jaba, "Kula punika punapa dede kanca sampyan?". Padha diwangsuli (wong mukmin): "Hiya bener, nanging kowe maheka awakmu dhewe sarana lamis lan ngarep - arep cilakane pra mukmin, lan mamang marang Agama Islam, lan kajelomprong dening pangangsa - pangangsa nganti tekan wawangene pati kang wis pinasthi dening Allah. Saiki kowe wis diapusi ing syetan ora percaya ing Allah
فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنْكُمْ فِدْيَةٌ وَلَا مِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ مَأْوَاكُمُ النَّارُ ۖ هِيَ مَوْلَاكُمْ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Ing dina iki tebusan saka kowe lan saka pra wong kadir padha tinampik kabeh, panggonanmu mesthi ana neraka. Lan ing kono pangayommu kang sak elek - eleke panggonan bali

Choose other languages: