Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #17 Translated in Jawa

يَوْمَ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالْمُنَافِقَاتُ لِلَّذِينَ آمَنُوا انْظُرُونَا نَقْتَبِسْ مِنْ نُورِكُمْ قِيلَ ارْجِعُوا وَرَاءَكُمْ فَالْتَمِسُوا نُورًا فَضُرِبَ بَيْنَهُمْ بِسُورٍ لَهُ بَابٌ بَاطِنُهُ فِيهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهُ مِنْ قِبَلِهِ الْعَذَابُ
Yaiku nalikane para wong lamis lanang lan wadon padha ngucap marang para mukmin: "Sampiyan mirsanana dhateng kula, kula badhe nular cahya panjenengan". Para wong lamis mau bandjur didhawuhi (Malaikat): "Kowe baliya memburi lan goleknana dhewe cahya kanggomu". Nuli dialing - alingi pager kang ana lawange, sajerone pager isi rahmat ing jaba kebak siksa
يُنَادُونَهُمْ أَلَمْ نَكُنْ مَعَكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ وَلَٰكِنَّكُمْ فَتَنْتُمْ أَنْفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ وَغَرَّتْكُمُ الْأَمَانِيُّ حَتَّىٰ جَاءَ أَمْرُ اللَّهِ وَغَرَّكُمْ بِاللَّهِ الْغَرُورُ
Wong kang padha lamis mau padha ngundhang saka jaba, "Kula punika punapa dede kanca sampyan?". Padha diwangsuli (wong mukmin): "Hiya bener, nanging kowe maheka awakmu dhewe sarana lamis lan ngarep - arep cilakane pra mukmin, lan mamang marang Agama Islam, lan kajelomprong dening pangangsa - pangangsa nganti tekan wawangene pati kang wis pinasthi dening Allah. Saiki kowe wis diapusi ing syetan ora percaya ing Allah
فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنْكُمْ فِدْيَةٌ وَلَا مِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ مَأْوَاكُمُ النَّارُ ۖ هِيَ مَوْلَاكُمْ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Ing dina iki tebusan saka kowe lan saka pra wong kadir padha tinampik kabeh, panggonanmu mesthi ana neraka. Lan ing kono pangayommu kang sak elek - eleke panggonan bali
أَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِينَ آمَنُوا أَنْ تَخْشَعَ قُلُوبُهُمْ لِذِكْرِ اللَّهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّ وَلَا يَكُونُوا كَالَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْأَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوبُهُمْ ۖ وَكَثِيرٌ مِنْهُمْ فَاسِقُونَ
saiki apa ora wis mangsane para mukmin atine padha sujud atine lan eling ing Allah lan marang al-Quran kang wis tumurn lan nyata bener. Ora kaya wong - wong kang duwe wewaton kitab sadurunge nganti lawas anggone padha ngenteni Rosul kang jumeneng atine banjur padha wangkot kang akeh padha duraka (ora manut marang Rosul)
اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
(Para mukmin) padha weruha yen Allah anggone nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nerang - nerangake tandha yekti pirang - pirang kang nerangake kuwasaningsu supaya sira padha mikir

Choose other languages: