Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Fath Ayahs #26 Translated in Jawa

وَلَوْ قَاتَلَكُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوَلَّوُا الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يَجِدُونَ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا
Upama wong kafir padha mapakake perang mesthi padha mlayu menyang buri ora ana kang bisa nulungi lan ora duwe andel - andel kang nulungi awake
سُنَّةَ اللَّهِ الَّتِي قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلُ ۖ وَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللَّهِ تَبْدِيلًا
Allah nindakake mangkono mau, ora beda kang wis ditindakake tumrap para ummat kuna sadurunge (wong Mekkah), samu barang kang wis ditindakake Allah ora ana kang bisa ngowahi
وَهُوَ الَّذِي كَفَّ أَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ وَأَيْدِيَكُمْ عَنْهُمْ بِبَطْنِ مَكَّةَ مِنْ بَعْدِ أَنْ أَظْفَرَكُمْ عَلَيْهِمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرًا
Allah iku kang nyegah tangane wong kafir anggone arep nglarani sira uga nyegah tanganira naggone arep nglarani wong kafir sejeroni kutha Mekkah sawise sira menang ngalahake dheweke. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni
هُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَالْهَدْيَ مَعْكُوفًا أَنْ يَبْلُغَ مَحِلَّهُ ۚ وَلَوْلَا رِجَالٌ مُؤْمِنُونَ وَنِسَاءٌ مُؤْمِنَاتٌ لَمْ تَعْلَمُوهُمْ أَنْ تَطَئُوهُمْ فَتُصِيبَكُمْ مِنْهُمْ مَعَرَّةٌ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۖ لِيُدْخِلَ اللَّهُ فِي رَحْمَتِهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ لَوْ تَزَيَّلُوا لَعَذَّبْنَا الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Wong kafir padha nyegati wnggonira mlebu ing Masjidil Haram lan nyegah hewan kurban ora oleh dibeleh ana ing panggonan kang tinemtokake kaya kang wis kelakon. Upama ora ana wong mukmin lanang lan wadhon awor wong kafir mesthi sira ora weruh sapa kang mukmin bakal kesasar mateni dheweke. Dhadi sira bakal nandang dosa kang ora weruh urusane. Kersane Allah nglebokake wong mukmin ana rahmate. Upama wong Islam wis pisah karo wong kafir, mesthi Ingsun siksa wong kafir mau kanthi siksa kang nglarani
إِذْ جَعَلَ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي قُلُوبِهِمُ الْحَمِيَّةَ حَمِيَّةَ الْجَاهِلِيَّةِ فَأَنْزَلَ اللَّهُ سَكِينَتَهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَعَلَى الْمُؤْمِنِينَ وَأَلْزَمَهُمْ كَلِمَةَ التَّقْوَىٰ وَكَانُوا أَحَقَّ بِهَا وَأَهْلَهَا ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا
Marga wong kafir mau atine padha gumedhe, yaiku gumedhene wong bodho, mulane Allah banjur nurunake katentreman marang Rasul lan mukmin. Kabeh padha dikersakake mantep anggone nyungkemi kalimah takwa lan wong mukmin wis dibenerake kalimat takwa mau, Allah nguningani samu barang

Choose other languages: