Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayah #61 Translated in Jawa

وَإِذْ قُلْتُمْ يَا مُوسَىٰ لَنْ نَصْبِرَ عَلَىٰ طَعَامٍ وَاحِدٍ فَادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُخْرِجْ لَنَا مِمَّا تُنْبِتُ الْأَرْضُ مِنْ بَقْلِهَا وَقِثَّائِهَا وَفُومِهَا وَعَدَسِهَا وَبَصَلِهَا ۖ قَالَ أَتَسْتَبْدِلُونَ الَّذِي هُوَ أَدْنَىٰ بِالَّذِي هُوَ خَيْرٌ ۚ اهْبِطُوا مِصْرًا فَإِنَّ لَكُمْ مَا سَأَلْتُمْ ۗ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ وَالْمَسْكَنَةُ وَبَاءُوا بِغَضَبٍ مِنَ اللَّهِ ۗ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَانُوا يَكْفُرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَيَقْتُلُونَ النَّبِيِّينَ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ ذَٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَكَانُوا يَعْتَدُونَ
Lan (padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! kita sami mboten narimah nedha tetedhan namung warni satunggal kemawon, mila kita sami panjenengan suwunaken dhateng Pangeran panjenengan, supados nedhahaken tetuwuhaning bumi ingkang mikantuki dhateng kita sedaya. kadosta: Ja janganing bumi, timuning bumi, bawanging bumi, kedhelening bumi, lan brambaning bumi". (Nabi) Musa nuli ngendika, "Apa patut sira padha nyuwun salin barang kang luwih becik?" Allah nuli ngendika, "He turuning Israil, sira padha balia marang negara mesir bae, sira mesthi oleh samubarang kang padha sira suwun iku." Para turuning Israil (Bani Isrial) bakal padha didadekake asor lan sangsara lan padha tetep oleh bebenduning Allah, kang mengkono mau amarga saka anggone padha maido ayate Allah lan padha mateni para Nabi kelawan ora bener, Kang mengkono mau saka anggone duraka lan padha ndadra (ngliwati wates)

Choose other languages: