Surah Al-Baqara Ayahs #272 Translated in Jawa
الشَّيْطَانُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاءِ ۖ وَاللَّهُ يَعِدُكُمْ مَغْفِرَةً مِنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Syetan memedeni Sira, bakal kemlaratan sarta printah nglakoni ala. Dene Allah paring janji pangapura lan Kanugrahan marang sira. Allah maha Jembar sarta Maha ngudaneni
يُؤْتِي الْحِكْمَةَ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ أُوتِيَ خَيْرًا كَثِيرًا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ إِلَّا أُولُو الْأَلْبَابِ
Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene sapa wonge diparingi kawicaksanan, iku temen diparingi kabecikan kang akeh. Ewadene ora ana kang ngelingi kang mengkono mau kajaba wong kang padha duwe akal
وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ نَفَقَةٍ أَوْ نَذَرْتُمْ مِنْ نَذْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُهُ ۗ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنْصَارٍ
Dene sakehing barang kang sira dermakake utawa barang kang sira nggo nuhoni nadzarira (sedya), satemene Allah iku Ngudaneni. Dene wong kang padha nganiaya iku ora bakal pikantuk pitulung
إِنْ تُبْدُوا الصَّدَقَاتِ فَنِعِمَّا هِيَ ۖ وَإِنْ تُخْفُوهَا وَتُؤْتُوهَا الْفُقَرَاءَ فَهُوَ خَيْرٌ لَكُمْ ۚ وَيُكَفِّرُ عَنْكُمْ مِنْ سَيِّئَاتِكُمْ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Menawa sira padha ngatonake anggonira ndermakake bandhanira iku becik uga, dene manawa sira padha nyidhem lan sira dermakake marang para wong fakir (mlarat) iku luwih becik maneh tumrap sira kabeh. Lan Allah bakal nutupi ing sakehing tindakira kang ala. Dene Allah Maha Waspada marang barang kang sira tindakake
لَيْسَ عَلَيْكَ هُدَاهُمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ ۗ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ خَيْرٍ فَلِأَنْفُسِكُمْ ۚ وَمَا تُنْفِقُونَ إِلَّا ابْتِغَاءَ وَجْهِ اللَّهِ ۚ وَمَا تُنْفِقُوا مِنْ خَيْرٍ يُوَفَّ إِلَيْكُمْ وَأَنْتُمْ لَا تُظْلَمُونَ
Dudu kewajibanira (Muhammad) nuduhake wong-wong kafir, nanging Allah piyambak nuduhake marang wong kang dikersakake. Lan barang kang sira dermakake saka kebecikan, ganjarane marang sira dhewe. Dene anggonira dermakake bandhanira aja mawa pamrih kajaba ngarep-arep (ngupaya) karidhane Allah. Dene anggonira dermakake bandhanira kang becik, iku ganjarane bakal diparingake marang sira, lan sira ora bakal dianiaya
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
