Surah Al-Baqara Ayah #253 Translated in Jawa
تِلْكَ الرُّسُلُ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۘ مِنْهُمْ مَنْ كَلَّمَ اللَّهُ ۖ وَرَفَعَ بَعْضَهُمْ دَرَجَاتٍ ۚ وَآتَيْنَا عِيسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنَاتِ وَأَيَّدْنَاهُ بِرُوحِ الْقُدُسِ ۗ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا اقْتَتَلَ الَّذِينَ مِنْ بَعْدِهِمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَاتُ وَلَٰكِنِ اخْتَلَفُوا فَمِنْهُمْ مَنْ آمَنَ وَمِنْهُمْ مَنْ كَفَرَ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا اقْتَتَلُوا وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيدُ

Para rasul iku ana kang sawertara ingsung paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para rasul ana kang Ingsun paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para Rasul ana kang Ingsun lilani imbal wacana lan ana sawenehe maneh kang dijunjung pangkate dening Allah pirang-pirang tingkat ngungkuli karo liyane. Lan Ingsun maringi marang ’Isa putrane Maryam pirang-pirang tandha yekti, sarta Ingsun ngukuhake kelawan roh suci (Jibril). Lan saupama ana kersane ALlah, Manungsa iku mesthi padha paten pinaten sawise para Utusan, yaiku sawise ketekan tandha yekti, nanging wong-wong mau padha pasulayan panemune. Sawenehe ana kang percaya lan sawenehe maneh ana kang kafir. Lan saupama dadi keparenging kersane Allah, mesthi dheweke padha ora paten pinaten, nanging Allah iku nindakake kang dadi keparenging kersane
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba