Surah Al-Baqara Ayahs #255 Translated in Jawa
فَهَزَمُوهُمْ بِإِذْنِ اللَّهِ وَقَتَلَ دَاوُودُ جَالُوتَ وَآتَاهُ اللَّهُ الْمُلْكَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَهُ مِمَّا يَشَاءُ ۗ وَلَوْلَا دَفْعُ اللَّهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَفَسَدَتِ الْأَرْضُ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ ذُو فَضْلٍ عَلَى الْعَالَمِينَ
Awit saking pikantukidining Allah, Raja Thalut sak balane bisa menang, ngusir Raja Jalut sak balane, lan Dawus bisa mateni Jalut, lan Allah maringi kraton sarta kawicaksanaan marang Dawud sarta maringi pirsa barang kang dadi keparengen kersane marang Dawud. Saupama Allah ora nulak para manungsa kelawan sak wenehe, mesthi bumi iki rusak. Ananging Allah iku kagungan Kanugrahan marang wong alam kabeh
تِلْكَ آيَاتُ اللَّهِ نَتْلُوهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۚ وَإِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِينَ
Kang mangkono iku ayat-ayate Allah. Ingsun dhawuhake marang sira Muhammad kanthi temen. Lan satemene sira iku klebu ewoning para Rasul
تِلْكَ الرُّسُلُ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۘ مِنْهُمْ مَنْ كَلَّمَ اللَّهُ ۖ وَرَفَعَ بَعْضَهُمْ دَرَجَاتٍ ۚ وَآتَيْنَا عِيسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنَاتِ وَأَيَّدْنَاهُ بِرُوحِ الْقُدُسِ ۗ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا اقْتَتَلَ الَّذِينَ مِنْ بَعْدِهِمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَاتُ وَلَٰكِنِ اخْتَلَفُوا فَمِنْهُمْ مَنْ آمَنَ وَمِنْهُمْ مَنْ كَفَرَ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا اقْتَتَلُوا وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيدُ
Para rasul iku ana kang sawertara ingsung paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para rasul ana kang Ingsun paringi kaluwihan ngungkuli liyane. Sawenehe para Rasul ana kang Ingsun lilani imbal wacana lan ana sawenehe maneh kang dijunjung pangkate dening Allah pirang-pirang tingkat ngungkuli karo liyane. Lan Ingsun maringi marang ’Isa putrane Maryam pirang-pirang tandha yekti, sarta Ingsun ngukuhake kelawan roh suci (Jibril). Lan saupama ana kersane ALlah, Manungsa iku mesthi padha paten pinaten sawise para Utusan, yaiku sawise ketekan tandha yekti, nanging wong-wong mau padha pasulayan panemune. Sawenehe ana kang percaya lan sawenehe maneh ana kang kafir. Lan saupama dadi keparenging kersane Allah, mesthi dheweke padha ora paten pinaten, nanging Allah iku nindakake kang dadi keparenging kersane
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَنْفِقُوا مِمَّا رَزَقْنَاكُمْ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ يَوْمٌ لَا بَيْعٌ فِيهِ وَلَا خُلَّةٌ وَلَا شَفَاعَةٌ ۗ وَالْكَافِرُونَ هُمُ الظَّالِمُونَ
He wong mukmin kabeh, sira padha darmakna saka barang kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge tekan ing dina kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana memitran lan syafa’at . Dene wong-wong kafir iku padha nganiaya
اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّومُ ۚ لَا تَأْخُذُهُ سِنَةٌ وَلَا نَوْمٌ ۚ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ مَنْ ذَا الَّذِي يَشْفَعُ عِنْدَهُ إِلَّا بِإِذْنِهِ ۚ يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ ۖ وَلَا يُحِيطُونَ بِشَيْءٍ مِنْ عِلْمِهِ إِلَّا بِمَا شَاءَ ۚ وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ ۖ وَلَا يَئُودُهُ حِفْظُهُمَا ۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيمُ
Allah, ora ana Pangeran Kang sinembah kajaba mung panjenengane Piyambak kang Sugeng sarta kang jumeneng Pribadi. Allah iku ora nate ngantuk lan sare, Allah iku kagungan samu barang isining langit lan isining bumi kabeh. Ora ana wong kang bisa aweh syafa’at ana ing ngarsane Allah, kajaba pikantuk idzine. Allah iku Nguningani samu barang kang ana ing ngarep lan sakburine wong-wong mau. Dheweke iku ora ana kang bisa nglimputi sathithik wae saka ’ilmune Allah, kajaba yen dadi keparenge Allah. Jembare kursine Allah iku amot langit lan bumi. Panjenengane ora rekaos anggone ngreksa sakarone (langit lan bumi). Dene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
