Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #209 Translated in Jawa

وَإِذَا تَوَلَّىٰ سَعَىٰ فِي الْأَرْضِ لِيُفْسِدَ فِيهَا وَيُهْلِكَ الْحَرْثَ وَالنَّسْلَ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ الْفَسَادَ
Lan barang wong mau wis lunga saka ngarepira, banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, ngrusak tetanduran lan turunan. Dene Allah iku ora remen marang wong kang gawe kerusakan
وَإِذَا قِيلَ لَهُ اتَّقِ اللَّهَ أَخَذَتْهُ الْعِزَّةُ بِالْإِثْمِ ۚ فَحَسْبُهُ جَهَنَّمُ ۚ وَلَبِئْسَ الْمِهَادُ
Lan nalika wong mau didhawuhi: "Sira padha wediya ing Allah", nalika iku uga jalaran saka gumedhene marang tumindak dosa, mulane wong mau cukup kacemplungake ing neraka Jahannam, yaiku ala-alaning lemek
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَشْرِي نَفْسَهُ ابْتِغَاءَ مَرْضَاتِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ رَءُوفٌ بِالْعِبَادِ
Lan sawenehing manungsa ana kang ngedol awake, karana golek karidhaning Allah, Dene Allah iku Maha Welas marang kawulane
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
He para wong mukmin, sira padha mlebua ana aing agam Islam, ngestokna sabarang pernatane kabeh, lan aja manut dedalane syetan. Satemene syetan iku tetela dadi saterunira
فَإِنْ زَلَلْتُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْكُمُ الْبَيِّنَاتُ فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
LAn sawise sira padha katekan tandha yekti akeh, manawa sira padha mlengos, sira padha sumurupa, manawa ALlah iku Maha Gagas sarta Wicaksana

Choose other languages: