Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #195 Translated in Jawa

وَاقْتُلُوهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوهُمْ وَأَخْرِجُوهُمْ مِنْ حَيْثُ أَخْرَجُوكُمْ ۚ وَالْفِتْنَةُ أَشَدُّ مِنَ الْقَتْلِ ۚ وَلَا تُقَاتِلُوهُمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ حَتَّىٰ يُقَاتِلُوكُمْ فِيهِ ۖ فَإِنْ قَاتَلُوكُمْ فَاقْتُلُوهُمْ ۗ كَذَٰلِكَ جَزَاءُ الْكَافِرِينَ
Lan sira padha merangana wong kafir kabeh, ing ngendi anggonira ketemu, yen wong kafir mau padha ngusir sira lan sira padha nundhunga saka panggonan kang sira ditundung. Dene fitnah iku luwih banget alane tinimbang perang (mateni). Lan sira aja padha merangi wong-wong mau ana ing Masjidil-Haram, kajaba yen dheweke iku merangi ing sira, sira perangana, kang mangkono iku mau dumunung piwales marang wong-wong kafir
فَإِنِ انْتَهَوْا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Dene menawa dheweke (wong kafir) mau wis padha mareni anggone kafir, satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّىٰ لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ لِلَّهِ ۖ فَإِنِ انْتَهَوْا فَلَا عُدْوَانَ إِلَّا عَلَى الظَّالِمِينَ
Lan sira padha merangana wong akfir kabeh, nganti ora ana fitnah maneh, lan nganti agama iku mung marang Allah piyambak. Nanging menawa wong-wong kafir mau padha ora gelem leren, ing kono wis ana sesatron maneh kajaba mung marang para wong kang padha nganiaya
الشَّهْرُ الْحَرَامُ بِالشَّهْرِ الْحَرَامِ وَالْحُرُمَاتُ قِصَاصٌ ۚ فَمَنِ اعْتَدَىٰ عَلَيْكُمْ فَاعْتَدُوا عَلَيْهِ بِمِثْلِ مَا اعْتَدَىٰ عَلَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ
Sasi Haram iku ditimbangi (diganti) kelawan sasi Haram uga, dene barang kang benr iku kudu diajeni iku uga pranataning piwales, Mulane sing sapa nindakake pihala marang sira, saira iya malesa nindakake pihala marang wong mau padha anggone gawe pihala marang sira, lan sira becik wediya marang Allah, lan padha sumurupa yen Allah iku anjangkung marang wong kang padha wedi ing Panjenengane
وَأَنْفِقُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلَا تُلْقُوا بِأَيْدِيكُمْ إِلَى التَّهْلُكَةِ ۛ وَأَحْسِنُوا ۛ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ
Lan sira padha nanjakna bandhanira ana ing dedalane Allah (sabilillah) lan aja nibakake (negakake) awakira marang kerusakan, lan sira padha gaweya kebecikan, satemene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan

Choose other languages: