Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #184 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ فَادْعُوهُ بِهَا ۖ وَذَرُوا الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي أَسْمَائِهِ ۚ سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan kagunganing Allah asma-asma minulya iku, mulané padha nyunyuwuna Panjenengané kalawan iku lan padha ninggala para kang padha anerak kasucia- ning asma-asma-Né; dhèwèké bakal padha winales apa kang wus padha dilakoni
وَمِمَّنْ خَلَقْنَا أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ
Lan sawenèhé kang Ingsun titahaké, ana umat sawiji, kang anuntun kalawan yakti, sarta kalawan iku anggoné atindak adil
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ
Lan para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun, padha Ingsun cedhakaké kalawan sa- renti, dhèwèké padha ora weruh saka ngendi
وَأُمْلِي لَهُمْ ۚ إِنَّ كَيْدِي مَتِينٌ
Lan ingsun aparing sumené marang dhèwèké; sayekti ranca- ngan Ingsun iku kukuh
أَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوا ۗ مَا بِصَاحِبِهِمْ مِنْ جِنَّةٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا نَذِيرٌ مُبِينٌ
Apa ta dhèwèké ora padha mikir-mikir, yèn mitrané iku ora lara èngetan: dhèwèké iku ora liya kajaba juru-pépéling kang terang

Choose other languages: