Surah Al-Araf Ayahs #183 Translated in Jawa
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لَا يَسْمَعُونَ بِهَا ۚ أُولَٰئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ
Lan sayekti temen Ingsun anitahaké sapirang-pirang jin lan manusa tumrap naraka; padha duwé ati, iku ora dianggo manger- tèni; lan padha duwé mripat, iku ora dianggo andeleng; lan padha duwé kuping, iku ora dinggo angrungokaké; iki kaya raja-kaya, malah padha luwih sasar; iki para wong kang léna
وَلِلَّهِ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ فَادْعُوهُ بِهَا ۖ وَذَرُوا الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي أَسْمَائِهِ ۚ سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan kagunganing Allah asma-asma minulya iku, mulané padha nyunyuwuna Panjenengané kalawan iku lan padha ninggala para kang padha anerak kasucia- ning asma-asma-Né; dhèwèké bakal padha winales apa kang wus padha dilakoni
وَمِمَّنْ خَلَقْنَا أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ
Lan sawenèhé kang Ingsun titahaké, ana umat sawiji, kang anuntun kalawan yakti, sarta kalawan iku anggoné atindak adil
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ
Lan para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun, padha Ingsun cedhakaké kalawan sa- renti, dhèwèké padha ora weruh saka ngendi
وَأُمْلِي لَهُمْ ۚ إِنَّ كَيْدِي مَتِينٌ
Lan ingsun aparing sumené marang dhèwèké; sayekti ranca- ngan Ingsun iku kukuh
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
