Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #162 Translated in Jawa

قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُمْ جَمِيعًا الَّذِي لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ الَّذِي يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَكَلِمَاتِهِ وَاتَّبِعُوهُ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ
Calathua: É, para manusa! sayekti aku iki utusaning Allah marang kowé kabèh, Kang karatoning langit-langit lan bumi iku kagungan-É, ora ana sesem- bahan kajaba Panjenengané; Panje- nengané agawé urip lan agawé pati; mulané padha angèstua ing Allah lan utusan-É, Nabi Ummi, kang angèstu ing Allah lan sabda-sabda-Né, lan padha manuta dhèwèké, supaya kowé padha ngambah dalan kang bener
وَمِنْ قَوْمِ مُوسَىٰ أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ
Lan sawenèhé wong-wongé Musa ana sapantha, kang padha nuntun kalawan bebener, sarta kalawan iku anggoné padha anindakaké adil
وَقَطَّعْنَاهُمُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَسْبَاطًا أُمَمًا ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ إِذِ اسْتَسْقَاهُ قَوْمُهُ أَنِ اضْرِبْ بِعَصَاكَ الْحَجَرَ ۖ فَانْبَجَسَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۖ قَدْ عَلِمَ كُلُّ أُنَاسٍ مَشْرَبَهُمْ ۚ وَظَلَّلْنَا عَلَيْهِمُ الْغَمَامَ وَأَنْزَلْنَا عَلَيْهِمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوَىٰ ۖ كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ ۚ وَمَا ظَلَمُونَا وَلَٰكِنْ كَانُوا أَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké dadi rolas pancer, dadi para bangsa; lan Ingsun ame- dhar sabda marang Musa nalikané wong-wongé anjaluk banyu: Ang- gebuga watu iku kalawan teke- nira;a tumuli ambuwal tuk rolas, siji-sijining pancer padha weruh pangombéné dhéwé-dhéwé;b lan Ingsun angayomaké méga ing sadhuwuré,c sarta Ingsun anuru- naké manna lan salwa marang dhèwèké;d padha mangana barang- barang becik paparing-Ingsun ing sira. Lan ora padha atindak dudu marang Ingsun;e balik atindak dudu marang jiwané dhéwé
وَإِذْ قِيلَ لَهُمُ اسْكُنُوا هَٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ وَقُولُوا حِطَّةٌ وَادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَغْفِرْ لَكُمْ خَطِيئَاتِكُمْ ۚ سَنَزِيدُ الْمُحْسِنِينَ
Lan nalikané padha dipa- ngandikani: Padha angenggonana kutha iki,f sarta padha mangana wetuné kono endi sakarepira, lan padha munjuka: Mugi Tuwan ambirat sasanggèn kawula ingkang awrat punika;g lan padha malebua lawangé kalawan tumundhuk;h Ingsun bakal ngapura marang sira ing kaluputanira; Ingsun bakal amuwuhi paparing marang wong kang agawé becik
فَبَدَّلَ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِي قِيلَ لَهُمْ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَظْلِمُونَ
Ananging sawenèhé, para kang atindak dudu, padha anyalini kalawan pangucap saliyané kang didhawuhaké marang dhèwèké; mulané Ingsun angutus siksa saka langit anibani dhèwèké, amarga saka anggoné atindak dudu.i

Choose other languages: