Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #142 Translated in Jawa

وَجَاوَزْنَا بِبَنِي إِسْرَائِيلَ الْبَحْرَ فَأَتَوْا عَلَىٰ قَوْمٍ يَعْكُفُونَ عَلَىٰ أَصْنَامٍ لَهُمْ ۚ قَالُوا يَا مُوسَى اجْعَلْ لَنَا إِلَٰهًا كَمَا لَهُمْ آلِهَةٌ ۚ قَالَ إِنَّكُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُونَ
Lan Ingsun wus anyabra- ngaké sagaraa para turuning Israil; banjur tumeka marang bangsa kang manembah brahalané padha calathu: Dhuh Musa! kula sampé- yan damelaken sesembahan kados sesembahan gadhahanipun. Wang- sulané: Temen kowé iku padha wong atindak bodho
إِنَّ هَٰؤُلَاءِ مُتَبَّرٌ مَا هُمْ فِيهِ وَبَاطِلٌ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
iki sayekti apa kang dhèwèké padha ana ing kono iku bakal disirnakaké, lan muspra apa kang padha dilakoni
قَالَ أَغَيْرَ اللَّهِ أَبْغِيكُمْ إِلَٰهًا وَهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
Dhèwèké calathu: Apa iya aku anggolèkaké sesembahan ko- wé saliyané Allah, ing mangka Panjenengané iku wus angunggu- laké kowé angungkuli titah
وَإِذْ أَنْجَيْنَاكُمْ مِنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۖ يُقَتِّلُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُمْ بَلَاءٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَظِيمٌ
Lan nalikané Ingsun nyala- metaké sira saka wongé Fir’aun, kang anibakaké sira ing siksa kang kerasb amatèni anak-anakira lanang lan anguripi wadon-wadonira,c lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira
وَوَاعَدْنَا مُوسَىٰ ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً ۚ وَقَالَ مُوسَىٰ لِأَخِيهِ هَارُونَ اخْلُفْنِي فِي قَوْمِي وَأَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيلَ الْمُفْسِدِينَ
Ingsun wus anamtokaké waktu marang Musa telung puluh wengi sarta iku Ingsun ganepi sapuluh , dadi waktuning Pangérané kang tinamtu iku ganep patang puluh wengi.a Lan Musa calathu marang saduluré, Harun: anyulihana lulungguhku ana ing sajroning bangsaku sarta agawéa becik tuwin aja miturut dada- laning wong kang padha gawé wisuna

Choose other languages: