Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #144 Translated in Jawa

قَالَ أَغَيْرَ اللَّهِ أَبْغِيكُمْ إِلَٰهًا وَهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
Dhèwèké calathu: Apa iya aku anggolèkaké sesembahan ko- wé saliyané Allah, ing mangka Panjenengané iku wus angunggu- laké kowé angungkuli titah
وَإِذْ أَنْجَيْنَاكُمْ مِنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۖ يُقَتِّلُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُمْ بَلَاءٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَظِيمٌ
Lan nalikané Ingsun nyala- metaké sira saka wongé Fir’aun, kang anibakaké sira ing siksa kang kerasb amatèni anak-anakira lanang lan anguripi wadon-wadonira,c lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira
وَوَاعَدْنَا مُوسَىٰ ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً ۚ وَقَالَ مُوسَىٰ لِأَخِيهِ هَارُونَ اخْلُفْنِي فِي قَوْمِي وَأَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيلَ الْمُفْسِدِينَ
Ingsun wus anamtokaké waktu marang Musa telung puluh wengi sarta iku Ingsun ganepi sapuluh , dadi waktuning Pangérané kang tinamtu iku ganep patang puluh wengi.a Lan Musa calathu marang saduluré, Harun: anyulihana lulungguhku ana ing sajroning bangsaku sarta agawéa becik tuwin aja miturut dada- laning wong kang padha gawé wisuna
وَلَمَّا جَاءَ مُوسَىٰ لِمِيقَاتِنَا وَكَلَّمَهُ رَبُّهُ قَالَ رَبِّ أَرِنِي أَنْظُرْ إِلَيْكَ ۚ قَالَ لَنْ تَرَانِي وَلَٰكِنِ انْظُرْ إِلَى الْجَبَلِ فَإِنِ اسْتَقَرَّ مَكَانَهُ فَسَوْفَ تَرَانِي ۚ فَلَمَّا تَجَلَّىٰ رَبُّهُ لِلْجَبَلِ جَعَلَهُ دَكًّا وَخَرَّ مُوسَىٰ صَعِقًا ۚ فَلَمَّا أَفَاقَ قَالَ سُبْحَانَكَ تُبْتُ إِلَيْكَ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُؤْمِنِينَ
Lan bareng Musa wus tekan mangsa-Ningsun kang wus tinamtu sarta Pangérané mangandikani dhè- wèké unjuké: Pangéran kawula! mugi angatingali kawula, supados kawula saged sumerep dhateng Tuwan. Pangandi- kané: Ora bisa sira sumurup Ningsun, ananging andelenga marang gunung iku lah manawa iku tetep panggonané, sira bakal iya sumurup Ningsun; ana- nging bareng Pangérané amedhar kaluhuran-É marang gunung iku, iki dadi jugrug sarta Musa ambruk sumaput; lah bareng wis éling munjuk: Mahasuci Tuwan, punika, kawula tobat ing Tuwan saha kawula punika wiwi-tanipun para angèstu
قَالَ يَا مُوسَىٰ إِنِّي اصْطَفَيْتُكَ عَلَى النَّاسِ بِرِسَالَاتِي وَبِكَلَامِي فَخُذْ مَا آتَيْتُكَ وَكُنْ مِنَ الشَّاكِرِينَ
Panjenengané angandika: É, Musa, sayekti Ingsun amiji ing sira angungkuli para manusa kalawan ayahan-Ingsun sarta kalawan sabda-Ningsun; mulané cekelana apa kang wus Ingsun paringaké sira, sarta dadia éwoné para kang weruh ing panarima

Choose other languages: