Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #133 Translated in Jawa

قَالُوا أُوذِينَا مِنْ قَبْلِ أَنْ تَأْتِيَنَا وَمِنْ بَعْدِ مَا جِئْتَنَا ۚ قَالَ عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَنْ يُهْلِكَ عَدُوَّكُمْ وَيَسْتَخْلِفَكُمْ فِي الْأَرْضِ فَيَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُونَ
Dhèwèké padha calathu: Kula punika sami dipun sia-sia saking sadèrèngipun panjenengan rawuh ing ngriki sarta sasampun- ipun panjenengan rawuh ing ngri- ki. Calathuné: Manawa-manawa Pangéranira karsa anyirnakaké mungsuhira sarta amisuda sira dadi pamaréntah ing bumi; tumuli Pan- jenengané bakal amirsani kapriyé panggawénira
وَلَقَدْ أَخَذْنَا آلَ فِرْعَوْنَ بِالسِّنِينَ وَنَقْصٍ مِنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ
Lan sayekti temen Ingsun wus amatrapi wong-wongé Fir’aun kalawan bethatan sarta sudaning woh-wohana supaya dhèwèké pa- dha élinga
فَإِذَا جَاءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوا لَنَا هَٰذِهِ ۖ وَإِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَطَّيَّرُوا بِمُوسَىٰ وَمَنْ مَعَهُ ۗ أَلَا إِنَّمَا طَائِرُهُمْ عِنْدَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Anaging samangsa becik tumeka marang dhèwèké, padha calathu: Iki labet saka aku dhéwé; lan manawa ala angenani dhèwèké, padha dilabetaké saka kojuré Musa sakanthiné; sayekti, kojuré iki mung saka ngarsaning Allah, ana- nging kèh-kèhané padha ora we- ruh
وَقَالُوا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهِ مِنْ آيَةٍ لِتَسْحَرَنَا بِهَا فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ
Sarta padha calathu: Kowé nekakna tandha apa baé marang aku, kang supaya aku kena ing kemayan, lah ora bakal aku padha angèstu marang kowé
فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ آيَاتٍ مُفَصَّلَاتٍ فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُجْرِمِينَ
Mulané Ingsun angutus pageblug anekani dhèwèké sarta ama walang lan tengu, kodhok tuwin getih tandha-tandha kang terang-awijang; ananging dhè- wèké padha ambeg gumedhé lan dhèwèké iku bangsa kang dosa

Choose other languages: