Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #135 Translated in Jawa

فَإِذَا جَاءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوا لَنَا هَٰذِهِ ۖ وَإِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَطَّيَّرُوا بِمُوسَىٰ وَمَنْ مَعَهُ ۗ أَلَا إِنَّمَا طَائِرُهُمْ عِنْدَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Anaging samangsa becik tumeka marang dhèwèké, padha calathu: Iki labet saka aku dhéwé; lan manawa ala angenani dhèwèké, padha dilabetaké saka kojuré Musa sakanthiné; sayekti, kojuré iki mung saka ngarsaning Allah, ana- nging kèh-kèhané padha ora we- ruh
وَقَالُوا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهِ مِنْ آيَةٍ لِتَسْحَرَنَا بِهَا فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ
Sarta padha calathu: Kowé nekakna tandha apa baé marang aku, kang supaya aku kena ing kemayan, lah ora bakal aku padha angèstu marang kowé
فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ آيَاتٍ مُفَصَّلَاتٍ فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُجْرِمِينَ
Mulané Ingsun angutus pageblug anekani dhèwèké sarta ama walang lan tengu, kodhok tuwin getih tandha-tandha kang terang-awijang; ananging dhè- wèké padha ambeg gumedhé lan dhèwèké iku bangsa kang dosa
وَلَمَّا وَقَعَ عَلَيْهِمُ الرِّجْزُ قَالُوا يَا مُوسَى ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَ ۖ لَئِنْ كَشَفْتَ عَنَّا الرِّجْزَ لَنُؤْمِنَنَّ لَكَ وَلَنُرْسِلَنَّ مَعَكَ بَنِي إِسْرَائِيلَ
Lan bareng wewelak anibani dhèwèké, padha calathu: O, Musa, sampéyan nyuwunaken kula dhateng Pangéran sampéyan punapa janji-Nipun kaliyan sampé- yan; manawi sampéyan anyirnak- aken wewelak punika saèstu kula badhé sami angèstu dhateng sam- péyan, sarta saèstu kula badhé sami akèn para turun Israil anyar- tani sampéyan
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الرِّجْزَ إِلَىٰ أَجَلٍ هُمْ بَالِغُوهُ إِذَا هُمْ يَنْكُثُونَ
Ananging bareng Ingsun wus anyirnakaké wewelak saka ing kono tumeka semayané mangsa, kang dhèwèké bakal tumeka ing kono, padha sakala padha ambalik

Choose other languages: