Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #114 Translated in Jawa

يُرِيدُ أَنْ يُخْرِجَكُمْ مِنْ أَرْضِكُمْ ۖ فَمَاذَا تَأْمُرُونَ
Karepé arep angetokaké kowé saka ing nagaramu; mulané padha kapriyé rembugmu
قَالُوا أَرْجِهْ وَأَخَاهُ وَأَرْسِلْ فِي الْمَدَائِنِ حَاشِرِينَ
Dhèwèké padha calathu: Piyambakipun mugi kadhawuhan angentosi, sarta mugi paduka kaparenga utusan para juru-angem- palaken ing kitha-kitha
يَأْتُوكَ بِكُلِّ سَاحِرٍ عَلِيمٍ
Supados sami ambekta sawarnining ahli kemayan ingkang sugih kawruh dhateng ngarsa paduka
وَجَاءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوا إِنَّ لَنَا لَأَجْرًا إِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغَالِبِينَ
Para ahli kemayan padha teka marang Fir’aun, aturé: Saèstu kawula kedah sami angsal pituwas, manawi kawula ingkang sami menang
قَالَ نَعَمْ وَإِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِينَ
Dhèwèké calathu: Iya, sarta sira yekti bakal dadi éwoné wong kang padha kaparek

Choose other languages: