Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #117 Translated in Jawa

وَجَاءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوا إِنَّ لَنَا لَأَجْرًا إِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغَالِبِينَ
Para ahli kemayan padha teka marang Fir’aun, aturé: Saèstu kawula kedah sami angsal pituwas, manawi kawula ingkang sami menang
قَالَ نَعَمْ وَإِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِينَ
Dhèwèké calathu: Iya, sarta sira yekti bakal dadi éwoné wong kang padha kaparek
قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِمَّا أَنْ تُلْقِيَ وَإِمَّا أَنْ نَكُونَ نَحْنُ الْمُلْقِينَ
Dhèwèké padha calathu: É, Musa, apa kowé arep anguncalaké, apa aku kang padha anguncalaké dhisik
قَالَ أَلْقُوا ۖ فَلَمَّا أَلْقَوْا سَحَرُوا أَعْيُنَ النَّاسِ وَاسْتَرْهَبُوهُمْ وَجَاءُوا بِسِحْرٍ عَظِيمٍ
Calathuné: Padha anguncal- na! Lah bareng wis padha angun- calaké, padha ambawur pandelengé wong-wong sarta padha anggigiris tuwin anekaké kemayan kang gedhé
وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنْ أَلْقِ عَصَاكَ ۖ فَإِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُونَ
Lan Ingsun aparing dhawuh marang Musa kalawan pangan- dika: Uncalna tekenira! Lah padha sakala, iku anguntali sabarang sulapané

Choose other languages: