Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #23 Translated in Jawa

إِنْ تَسْتَفْتِحُوا فَقَدْ جَاءَكُمُ الْفَتْحُ ۖ وَإِنْ تَنْتَهُوا فَهُوَ خَيْرٌ لَكُمْ ۖ وَإِنْ تَعُودُوا نَعُدْ وَلَنْ تُغْنِيَ عَنْكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْئًا وَلَوْ كَثُرَتْ وَأَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُؤْمِنِينَ
Manawa sira padha nyuwun putusan, lah temen putusan iku wus tumeka marang sira; lan manawa sira padha anguwisi, lah iku luwih becik tumrapé sira; lan manawa sira padha angambali manèh, Ingsun bakal angambali, sarta wadyabala-nira ora bakal makolèhi marang sira babar pisan, sanajan akèha, lan yèn Allah iku anyartani para angèstu
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَأَنْتُمْ تَسْمَعُونَ
É, sira kang padha angèstu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, sarta aja sira padha ambalik saka Panjenengané, kang mangka sira padha ngrungu
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ
Sarta aja dadi kaya kang padha calathu: Kula sami mireng, lan dhèwèké padha ora ambangun- turut.a
إِنَّ شَرَّ الدَّوَابِّ عِنْدَ اللَّهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِينَ لَا يَعْقِلُونَ
Sayekti ala-alané sato tumraping Allah iku para budheg, para bisu kang padha ora ngerti
وَلَوْ عَلِمَ اللَّهُ فِيهِمْ خَيْرًا لَأَسْمَعَهُمْ ۖ وَلَوْ أَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوْا وَهُمْ مُعْرِضُونَ
Lan saupama Allah uninga kabecikan ana ing dhèwèké, yekti aparing krungu dhèwèké, lan saupama Panjenengané aparing krungu dhèwèké, yekti dhèwèké padha maléngos kang sarta padha sumingkir

Choose other languages: